Hongkong Mbukak Lockdown, Gandrung Migran Langsung Tampil
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Rabu, 03 Juni 2020 07:10 WIB)
- Laporan
Sakuwise negara Hongkong nyatakaken mbukak Lockdown dina Minggu pungkasan ulan Mei, sakkal ana hang njuget gandrung. Ibarat udunen, dina iku kaya mbeledhos, merga warga meneng nong njero umah sakat ulan Pebruari kepungkur. Warga Hongkong padha seneng atine, semono uga para Buruh Migran teka Indonesia, hususe Banyuwangi. Kabeh tumple bleg nyang Victoria Park, lapangan hang kerep dienggo ketemune dulur-dulur Buruh Migran angger preian dina Minggu. Kanggone Buruh Migran Indonesia, utamane asal Banyuwangi seru mongkog atine, merga ana hiburan Gandrung.
Gandrung mau teka Buruh Migran asal Banyuwangi, diundang Kelompok Jaranan Bagas Crew kanggo acara ulang tahun lan halal bihalal. Ring kono uga ana kesenian tradhisional liyane teka Indonesia, yaiku Jaipong, Jaran, Tari Remo lan kesenian liyane. "Alhamdulillah, iki acara kawitan kanggone kanca-kanca Paguyuban Larosa Arum tampil sak suwene mandheg merga pageblug Covid-19. Senenge ati kanca-kanca wis sing kira-kira, merga oleh kaukan akeh uga saweran teka penonton. Aran Larosta Arum kanggone Buruh Migran ring Hongkong dudu barang anyar, malah dienten-enteni kapan arep mentase. Mangkane sing heran, kadhung akeh hang seneng", gedigu ujare Cahya Larosta hang nduwe Paguyuban Larosa Arum mau.
Jare emake lare wadon hang saiki kelas 1 SMA iki, dina iku sak liyane ulih tanggapen ring Victoria Park, uga diundang ambi organisasi Pembela Buruh Migran bermasalah ring Hongkong yaiku ATKI lan Pilar. Gandrung mau sing terima teka Banyuwangi, tapi ana uga hang teka Malang. Merga magih akeh hang prei, Gandrung hang tampil mung pitung uwong. Yuli Astuti teka Genteng, Cahya Larosta teka Karanganyar, Glagah. Yati teka Srono, Ning teka Pancer, Tirto teka Banyuwangi Kutha, Windi teka Jajag lan Dhenok teka Malang.
"Kadhung wayah ditanggap ATKI lan PILAR, main ring pesisir pinggir segara Tin Hou Causeway bay Hongkong. Iki lebih khusus penontone timbang hang ring Victoria Park, taping padha rame lan seneng seru nyang Gandrung. Wong-wong mau masiya dudu teka Banyuwangi, tapi seneng seru lan mesti milu njoget pisan. Iki hang nggarahi kanca-kanca murub tekade nguri-uri kesenian asli Banyuwangi masiya disambi ambi megawe ring luar negeri," jare Cahya hang sakat tahun 2009 wis menyang nyang Hongkong iki.
Cahya hang ngaku teka keluarga hang seneng kesenian, mulai teka kakik lan apake, ngaku kerep diundang tampil ring pirangane panggonan ring Hongkong. Gandrung Buruh Migran hang dilatih, pancen kabeh wadon nana penari lanang hang dadi paju. Tabuhan utawa musik kanggo ngiringi, kabeh ulihe ngunduh ring youtube. "Dhasare Isun tau belajar langsung nyang Mak Temu Kemiren, kadhung hang sun wulangaken ring Hongkong iki ulihe ndeleng teka ring Youtube sun tepak-tepakaken ambi dhasar tarian teka Mak Temu. Kadhung ana hang njaluk itung-itungan kaya ring sanggar iko Isun sing bisa," terange Yahye hang tau mulih taun 2017 lan milu kundangan Campursari ring Banyuwangi.
Keplok lan kauke dukungan wayah pentas, sing ndadekaken Larosta Arum lali lan sombong. Malah ambi bunci bisa njoged mau, bisa ditularaken nyang dulur-dulur liya hang maune sing tau belajar lan bisa njoged Gandrung. "Kanggonisun, pokoke ana karep lan gelem belajar mesthi gampang bisane. Kanca-kanca iku masiya hang teka Banyuwangi, mau ya babar blas sing bisa njoget. Naming merga karep lan kerep ndeleng jogedan Gandrung, wayah belajar gampang bisa lan saiki wis pentas nya endi-endi", tamabe emak hang wis ping lima kontrak megawe ring Hongkong iki.
Cerita milu kesenian tradhisional lan nampa tanggapan ring Hongkong iki, beda seru ambi milu kesenian lan tanggapan kaya ring Banyuwangi. Dulur-dulur Buruh Migran iki, wayah latihan sing manggon ring gedung utawa Sanggar, tapi manggo nong lapangan suket hang uga akeh uwong preian padha memengan lan emuk ambi karep lan butuhe dhewek. Masiya gedigu, sing tau nggingsir karepe njejegaken lestari lan uripe kesenian Bannyuwangi ring tanah manca.
"Untunge Negara Hongkong iki kelebu bebas, rakyate sing gampang alok lan maido liyan. Kadhung sing kenal ya sing ngomong, naming kadhung rumangsa nggumun ya sakkal ngomong paran anane. Tau wayah arep nekani undangan, kudu wis macak lan dandan ambi nunggang kendaraan umum, iku kadhung ketemu wong Hongkong aseli langung ngucap 'duh ayune', digu. Sing tau ana hang nyacat, paran maning moyoki", gedigu cerita Cahya nyang belambangan.com
Megawe ring Hongkong iku jelas tata carane, malah preine bisa dipastekaken. Mangkane kadhung tanggapan lan latihan, ngenteni dina preian megawe. Wayah arep ana tanggapan, sak liyane wis latihan angger minggune, engko wayah arep berangkat mung semayanan liwat Group WhatsApp.
"Kanca-kanca iki megawene sing padha panggonane, kadhang janjian engko ketemu ring stasiun tah terminal. Kabeh penganggo utawa kostum digawa dhewek-dhewek, kadhung hang bisa macak dhewek kari janjian nganggo kostum hang werna endi aju dienggo kadhung wis gadhug panggonan kari ngenteni diceluk pentas. Kadhung rika kepingin weruh ceritane kelendi nguripi kesenian ring negara manca, engko sun ceritani maning hang dawa. Isun seneng kadhung kegiyatan iku diuwot ring website, merga kadhung Larosa Arum Hongkong kudu bubar, naming pecake mau kan bisa digoleki ring web mau," pungkas ceritane Cahya Larosta.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.








