Ikawangi Anyar ring Papua: Mimika lan Nabire

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 29 November 2021 09:20 WIB)
- Laporan



Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) ring propinsi pucuk wetan Papua saya gedhi kelawan ketambahan rong Dewan Pimpinan Cabang (DPC) ring kabupaten Mimika lan Nabire.
   "Dadi totale saiki ana wolung DPC," jare kang Daryono Sekretaris Umum Dewan Pimpinan Pusat (DPP) Ikawangi Propinsi Papua.
   Sak liyane Mimika lan Nabire, sedurunge wis ana Ikawangi DPC Kota Jayapura, Kabupaten Jayapura, Keerom, Sarmi, Biak Numfor, lan Merauke.
   Ikawangi Mimika Ketuane kang Anang Pujiono, dene Nabire kang Sukatemin. Wong Banyuwangi ring Mimika kira-kira ana 1000an wong dene ring Nabire kira-kira ana 800an.
   Sedurunge ana Ikawangi, wong-wong Banyuwangi ring Papua wis milu paguyuban liya. Nong kutha Timika wis ana KKJB (Kerukunan Keluarga Jawa Bersatu) lan ana hang husus kanggo wong Banyuwangi, arane Tirto Arum. Jare kang Daryono wong Sragi Pertapan, Songgon hang pindhah nang Papua sakat 1989 iki, Ikawangi Mimika wis ngadeg tanggal 2 Februari 2019 naming buru dilantik tanggal 27 November 2021. Dene hang ring Nabire, ana pisan kumpulan hang aran ARGOJATI (Arek-arek Golongan Jawa Timur). Kadhung Ikawangi Nabire buru bain diedegaken taun iki lan buru arep dilantik tanggal 11 Desember 2021 kelawan cara virtual.
   Merga ngadege wis rada suwi, Ikawangi  Mimika wis nggawe kegiyatan sosial kemasyarakatan, keagamaan, seni lan budaya. Rata-rata uwonge megawe dadi wong tani, dodol panganan lan bisnis liyane.
   Kadhung nong Nabire hang akeh petani, lan kegiyatane kesenian, sosial kemasyarakatan.
   Ring Mimika akeh wong Banyuwangi hang duwe usaha restoran, ternak pitik potong, pitik petelur lan petani buah kayata semangka, jeruk lan jambu. Ketua Ikawangi Mimika dhewek, kang Anang Pujiono iku pengusaha hang njuwut woh-wohan teka Banyuwangi lan diedol ring Papua.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor