Ikawangi Balikpapan, Milu Merangi Pageblug Corona

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 13 Mei 2020 08:44 WIB)
- Laporan



Merga akeh warga terdampak pageblug corona iki, Ikawangi Balikpapan milu ndukung program teka Polda Kalimantan Timur, kelawan nyebaraken sembako nyang warga.
"Ikawangi milu nyebaraken sembako kanggone 75 keluwarga terdampak covid-19," jare PLT Ketua Umum Ikawangi Balikpapan Budi Sakti Purnomo nang belambangan.com.
"Utamane warga Ikawangi hang keneng dampak Corona, fakir miskin lan duapa," jare kang Budi.
Kang Budi hang teka Tegaldlimo iki setemene jabatane Ketua Harian, taping merga ketua umume ninggal donya, iyane dadi ngerangkep jabatane. Ketua umum sedurunge, ruwahe Bapak H. Fuad Rizal Masduki SE, nemoni pesthine ulan April 2020.
Masiya gedigu, Ikawangi hing nyurutaken kegiyatane minangka organisasi hang wis ngadeg sakat 2010.
Setemene taun 1973 iku wong-wong Banyuwangi hang ana ring Balikpapan ana 10 wong hang paceke ngelumpuk taping penggaweyane mung menganan kartu lan silaturahim nyang kenalane hang kerasa dadi dulur merga padha-padha wong Banyuwangine. 
Wong 10 iku yaiku:
1. Lilik Sismiati Srono
2. AKP (Purn) Asmu'i Banyuwangi Kota
3. AKBP (Purn) Pranoto Rogojampi
4. Ismu Sutopo Rogojampi
5. Iskandar Purwoharjo
6. Yuli Banyuwangi Kota
7. Hartono Rogojampi
8. Suroto Genteng
9. Untung Cluring
10.Kompol.Suyitno Rogojampi
Aju wong-wong iku taun 1985 ngedegaken paguyuban hang arane "Paguyuban Keluarga Blambangan Banyuwangi Balikpapan" lan taun 2010 didaptaraken ring notaris minangka organisasi kemasyarakatan arane Ikawangi Balikpapan lan mulai nduwe kegiyatan hang jelas.
Anggota Ikawangi Balikpapan saiki wis akeh, kira-kira 1100 keluwarga hang kecathet minangka anggota arisan. Macem-macem pegaweyane ana PNS, TNI, Polri, pedagang, karyawan swasta, pengusaha lan liya-liyane.
Jare Kang Budi kegiyatane Ikawangi Balikpapan akeh. Saben ulan Pebruari, mbarengi dina dadine Balikpapan, Ikawangi milu Pawai Budaya Nusantara. Saben September ana Family Day Ikawangi. Tepak taun 2016, nganakaken Temu Warga Ikawangi nasional hang uga nekakaken artis Danang. Saben halal bihalal, Ikawangi ya nekakaken artis kayata Sumiati, Dian Ratih lan liya-liyane.
Kadhung arisan, "Saben ulan minggu kawitan ana arisan", gedigu jare bapake lare lanang telu iki hang megawe ring PT.Gardatama Nusantara (Badan Usaha Jasa Pengamanan).

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf