Ikawangi Balikpapan Nduwe Ketua Anyar
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 20 Juli 2020 09:54 WIB)
- Laporan
Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Balikpapan Kalimantan Timur, minggu sore milih ketuwane hang anyar merga ketuwa sedurunge wis nemoni pesthine.
Pemilihan hang dipimpin ring Arif Sugiono iku emeh kabeh milih AKBP Suyitno SH, M.Hum yaiku 40 suwara timbang H. Marten Z. hang mung ulih 13 suwara.
Setemene ana enem calon hang dipilih, yaiku 1. Lilik Sismiaty 2. Marten Zain 3. Sudarto Kyt 4. Suyitno 5. Bambang Manggar lan Budi Purnomo.
Kepengurusan iki kanggo 2020-2023, merga Ketua Ikawangi sedurunge, yaiku H. Fuad Rizal sampek umur ulan April 2020.
Antarane April sampek pemilihan sore, jabatan ketua umum dicekel Budi Purnomo.
Ikawangi Balikpapan ngadeg sakat 1985.
Setemene sakat taun 1973 iku wong-wong Banyuwangi hang ana ring Balikpapan ana wis padha ngelumpuk, aju taun 1985 diedegaken paguyuban hang arane magih Paguyuban Keluarga Blambangan Banyuwangi Balikpapan. Taun 2010 didaptaraken ring notaris minangka organisasi kemasyarakatan Ikawangi Balikpapan lan mulai nduwe kegiyatan hang jelas.
Anggota Ikawangi Balikpapan saiki wis akeh, kira-kira 1100 keluwarga hang kecathet minangka anggota arisan. Macem-macem pegaweyane ana PNS, TNI, Polri, pedagang, karyawan swasta, pengusaha lan liya-liyane.
Kegiyatan hang paling akeh nekakaken wong Banyuwangi ya hing ana maning kejaba halal bihalal.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Hani Z. Noor







