Ikawangi Balikpapan Nggawe Kartu Anggota Istimewa
Arif Sugiono (dipublikasikan pada Rabu, 19 Agustus 2020 07:32 WIB)
- Laporan
Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Balikpapan nggawe terobosan anyar kanggo anggotane kelawan ngeluncuraken kartu anggota hang akeh gunane.
Jare Ketua Harian Ikawangi Balikpapan, Budi Sakti Purnomo, kartu iki akeh manfaate, ndadekaken anggota ngerasa organisasine iki parek lan niteni nasib nang anggotane.
Umpamane:
1.Kadhung ana hang ninggal donya ulih picis santunan 1.500.000 rupiah.
2.Hang kadheman nong rumah sakit artine diopname ulih picis santunan 1.000.000 rupiah.
3.Hang kadheman seru masiya nong umah lan wis dideleng ambi pengurus ulih picis santunan 1.000.000 rupiah.
4.Anggota hang keneng bencana alam ulih santunan 1.000.000 rupiah.
5.Kadhung ana tontonan asli Banyuwangi ulih potongan rega karcis.
Kanggo ulih kartu iku, anggota mung mbayar paling sithik 100.000 setaune. Taping kadhung arep mbayar lebih ya saya apik.
Saiki kira-kira ana 4.000 uwong asal Banyuwangi hang mboro ana ring Balikpapan. Anane kartu iki ndadekaken dulur-dulur saya guyub rukun ring boroan.
Ikawangi Balikpapan ngadeg sakat taun 1985.
Setemene sakat taun 1973 iku wong-wong Banyuwangi hang ana ring Balikpapan ana wis padha ngelumpuk, aju taun diedegaken paguyuban hang arane magih Paguyuban Keluarga Blambangan Banyuwangi Balikpapan. Aju taun 2010 didaptaraken ring notaris minangka organisasi kemasyarakatan Ikawangi Balikpapan lan mulai nduwe kegiyatan hang jelas.
Anggota Ikawangi Balikpapan saiki wis akeh, kira-kira 1100 keluwarga hang kecathet minangka anggota arisan. Macem-macem pegaweyane ana PNS, TNI, Polri, pedagang, karyawan swasta, pengusaha lan liya-liyane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.








