Ikawangi Balikpapan Sambang Korban Kobongan
Arif Sugiono (dipublikasikan pada Kamis, 06 Agustus 2020 06:24 WIB)
- Laporan
Pengurus Ikawangi Balikpapan nyambangi kurban kobongan ring dhaerah Pelayaran Semayang Balikpapan kang jumlahe 12 KK noring Posko Kobongan Polsek Pelabuhan Semayang Balikpapan Kalimantan Timur tanggal 4 Agustus sore.
Ketua Umum Ikawangi Balikpapan Suyitno, nyang kontributor belambangan.com ring Balikpapan, nyampekaken rasa bela sungkawa lan rasa perihatin hang gedhe nyang para kurban kobongan iki.
Ketua umum Ikawangi iki tepak sambang dikancani 11 wong pengurus liyane antarane Sekretaris Jenderal Supandi lan Ketua Harian Budi Sakti Purnomo.
Ring kondisi darurat iki Pengurus Ikawangi Balikpapan ngelungaken bantuwan kanggo para korban kobongan arupa 20 kerdhus mie instan, 30 liter lenga goreng, 30 kg gula pasir uga 20 penganggo bekas hang mageh pantes dienggo.
Ring antarane 12 KK iku, ana loro wong Banyuwangi hang asale teka Genteng hang megawe dadi nelayan.
Ring pungkase wawancara, ketum Ikawangi Balikpapan uga nyampekaken kesuwun hang akeh nyang warga Ikawangi Balkpapan kang wis padha milu perdhuli.
Lan muga-muga kegiyatan iki bisa dadi tuladha kanggo paguyuban liyane hang ana ring Balikpapan, gedigu jare Suyitno hang nduwe pangkat AKBP lan buru bain kepilih dadi ketua umum tanggal 19 Juli kepungkur.
Ikawangi Balikpapan iki nduweni kira-kira 1.100 keluwarga hang wis kecathet minangka anggota arisan. Ngadeg sakat taun 2010 lan didaptaraken nang notaris minangka organisasi kemasyarakatan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Antariksawan Jusuf







