Ikawangi Cycling Nusantara Dipiloni 674 wong

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 05 Maret 2022 11:33 WIB)
- Laporan



Pendaptaran Ikawangi Cycling Nusantara (ICN) hang arep digelar tanggal 19 Maret kesuk arep dipiloni 674 wong sak nusantara.
"Marek penutupan pendaptarane, ana wong 143 teka Ikawangi sak nusantara lan 531 wong teka Banyuwangi," jare ketua Panitia ICN kang Sujiono  SE, MM. hang uga ketua Kelompok Masyarakat (Pokmas) Gowes Ikawangi Pedalatos.
   Kadhung ndeleng asal pendaptare sak liyane teka Banyuwangi lan Jakarta, Bogor, Depok, Tangerang Raya, Tangerang Selatan, Bekasi, Bogor, Karawang-Purwakarta-Subang-Cikampek, ana pisan pendaptar teka Malang, Pasuruan, Jember, Yogyakarta lan hang paling adoh teka Kalimantan Utara, jare kang Sujiono.
   Acara mancat sepidhah Ikawangi iku setemene salah siji acara hang dianakaken ring Ikawangi Pusat kanggo mengeti dina dadine hang kaping 50. Serta diomongaken ring Bupati Ipuk Fiestiandani lan jajaran Pemda kelebu Dinas Kebudayaan dan Pariwisata lan Dinas Pemuda dan Olahraga, digawe kegiyatan bareng lan didadekaken salah siji teka 99 acara Banyuwangi Festival.
   Acara mancate dikawiti teka Bandara Blimbingsari ngeliwati Dadapan sampek ring Pendhapa Sabha Swagata Blambangan. Sak liyane mancat bareng, acarane uga ana kegiyatan sosial kayata Bedah Rumah lan santunan kanggo lare atim. Kanggo hadhiyah lawange (doorprize) ana sepidhah montor Vario 160 lan pirangane sepidhah pancat.
   Saben wong hang wis daptar engko ulih kupon hadhiyah lawang, sarapan, sega kothakan, kaos lan ombenan sak dawane dalan hang ana ring pos 1 lan pos 2.
   Ikawangi Pusat ngadeg sakat 16 September 1972 kelawan aran Persatuan Warga Banyuwangi Jakarta Raya (Pewangi Jaya). Tanggal iku ditetepaken merga iku hang dadi bibit perkawit anane Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) hang sak iki wis njumbul nong kutha-kutha sak nusantara, malah ring negara manca.
   Ikawangi Pusat uga duwe Koordinator Wilayah (Korwil Jakarta Pusat, Jakarta Utara, Jakarta Selatan, Jakarta Timur, Bekasi, Bogor, Depok, Tangerang Raya, Tangerang Selatan,  Cimerang, Kapursuci lan Pokmas kayata Prajurit Blambangan, Magenta (Masyarakat Genteng dan Sekitarnya), Ikabaru (Ikatan Keluarga Kalibaru), lan Gowes Ikawangi.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf