Ikawangi Cycling Nusantara Ngewani Hadhiyah Sepidhah Montor

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 11 Februari 2022 08:40 WIB)
- Laporan



Iwuh Ikawangi Pusat arep menyang mancat ring Banyuwangi katon saya rumang merga arep ana hadhiyah gedhi sepidhah montor hang paling anyar.
"Dienggo doorprize ana sepidhah montor Honda Vario 160," jare Ketua Ikawangi Pusat kang Bambang Sugiyono nang belambangan.com.
   Kanggo mengeti dina dadine hang kaping 50 taun iki, Ikawangi ambi Kelompok Masyarakat (Pokmas) Gowes Ikawangi (Pedalatos) arep nggelar mancat sepidhah ring Banyuwangi. Sarta kecaruk Bupati Ipuk Fiestiandani lan Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Yanuar Bramuda ulan Januari sore, iwuh gowes iku didadekaken salah siji acara ring antarane 99 event Banyuwangi Festival. Acara hang diarani Ikawangi Cycling Nusantara iku arep digelar tanggal 19 Maret 2022.
   Kang Bambang hang asli Genteng iki ngarepaken warga diaspora Banyuwangi hang ana ring Ikawangi sak nusantara lan negara manca bisa milu ring kegiyatan iki. "Kanggo wadhah silaturahim diaspora Banyuwangi hang wis golet urip ring panggon liya nyang Tanah Kalairane. Uga kegiyatan iki bisa dadi sarana wong Ikawangi nong endi bain hang wis nyerambah sak donya nyokong program wisata Pemda Banyuwangi," jare Kang Bambang hang tau dadi walikota Jakarta Utara.
   Sak liyane acara mancat teka lapangan terbang Blimbingsari nang Pendhapa Sabha Swagata Blambangan, uga dianakaken bantuwan sosial arupa Bedah Rumah lan santunan lare atim.
   Teka bandara, dalanan hang diliwati yaiku Desa Badean, Suko Jati, Pondok Nongko lan Dadapan aju meliguk ring lurung gedhi lan nuju nang kutha.
   Kang Bambang ngomong dikarepaken ana 500 wong hang milu mancat sepidhah, hing bisa lebih akeh merga pagebluge durung uncal. Sak liyane dipiloni wong Ikawangi teka endi-endi uga ana wong-wong teka Banyuwangi dhewek.
   Hadhiyah lawange (door prize) sak liyane sepidhah montor mau, ana uga sepidhah pancat lan barang-barang liyane.
   Kang Bambang uga nyeritakaken maning gok tanggal 16 September 1972 iku minangka wektu kawitan wong-wong Banyuwangi hang ana ring Jakarta ngedegaken kumpulan hang diarani Pewangi Jaya (Paguyuban Warga Banyuwangi Jakarta Raya). Tanggal iku ditetepaken merga iku hang dadi bibit perkawit anane Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) hang sak iki wis njumbul nong kutha-kutha sak nusantara, malah ring negara manca.
   Ikawangi Pusat uga duwe Koordinator Wilayah (Korwil Jakarta Pusat, Jakarta Utara, Jakarta Selatan, Jakarta Timur, Bekasi, Bogor, Depok, Tangerang Raya, Tangerang Selatan lan Cimerang) lan Pokmas kayata Prajurit Blambangan, Magenta (Masyarakat Genteng dan Sekitarnya), Ikabaru (Ikatan Keluarga Kalibaru), lan Gowes Ikawangi (Pedalatos).
   Kadhung arep milu, kudu daptar sulung ring cantholan iki:

https://forms.gle/SAmdNaErUCnpC1eSA




Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor