Ikawangi Kapursuci Kudu Nggawe Manpaat Kanggo Wong Sak Ubengane

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 21 Februari 2022 06:50 WIB)
- Laporan



Ikawangi Pusat ngukuhaken pengurus Koordinator (Korwil) Karawang-Purwakarta-Subang-Cikampek (Kapursuci) kelawan wekas kudu nggawe manpaat sing mung kanggone wong asal Banyuwangi taping kanggo wong sak ubengane.
"Muga-muga Korwil Kapursuci hing mung dienggo seremonial bain taping nggawa manpaat lan dadi tuladha kanggo wong ring panggonane," jare Ketua Umum Ikawangi Pusat Dr. H. Bambang Sugiyono, SE, M.Si. nong Gedung Menampang, Jomin Cikampek dina Minggu sore.
   Sakteruse kang Bambang uga wekas kadhung nong paguyuban iku akeh maceme wong, ngature kudu nganggo ati lan hing nganggo itungan ekonomi.
   "Aja lali tagline Ikawangi Pusat iku Gendhong Indhit Megiyet Bareng. Paran-paran disangga bareng."
    Korwil Kapursuci iki dadi korwil hang kemunjilan ring payunge paguyuban Ikawangi Pusat. Sedurunge wis ana Korwil Jakarta Pusat, Jakarta Utara, Jakarta Selatan, Jakarta Timur, Bekasi, Bogor, Depok, Tangerang Raya, Tangerang Selatan lan Cimerang. Sakliyane korwil ana pisan Kelompok Masyarakat (Pokmas) hang ana ring ngingsore Ikawangi yaiku Gowes Ikawangi, Ikabaru (Ikatan Warga Kalibaru), Magenta (Masyarakat Genteng dan Sekitarnya), lan Prajurit Blambangan.
   Kang Bambang hang tau dadi walikota Jakarta Utara iki ngomong gok taun 2022 iki minangka taun hang penting merga Ikawangi Pusat iki wis emeh 50 taun. Yaiku sakat njumbule Pewangi Jaya (Perkumpulan Warga Banyuwangi Jakarta Raya) tanggal 16 Sep 1972. Aju taun 1991 arane diuwah dadi Ikawangi.
"Hang penting aja digawa nyang politik... iku winihe bentheng ceweng. Kadhung ndeleng AD/ARTne Ikawangi iki organisasi sosial kemasyarakatan," jare kang Bambang.
   Kanggo mengeti dina dadine kang kaping 50, Ikawangi nggawe telung agenda penting.
1. Kelawan megawe bareng ambi Pemda Banyuwangi nggelar Ikawangi Cycling Nusantara hang wis melebu agenda Banyuwangi Festival tanggal 19 Maret.
2. Halal Bi Halal taun iki, merga wis rong taun prei hing nganakaken.
3. Ring parek tanggal 16 September arep dianakaken musawarah Ikawangi Pusat hang agendane kelebu pemilihan ketua umum hang anyar, mbecikaken AD/ART, lan nggedhekaken organisasine.
   Ring sambutane, Ketua Ikawangi Kapursuci Hadi Supriono ngucapaken terima hang gedhi nyang kabeh warga Kapursuci hang kekumpul ana 56 keluwarga. "Mulai teka pejabat, TNI sampek preman," jare kang Hadi hang asal Kertosari Banyuwangi kutha.
   Penasihat Korwil Kapursuci umpamane ana pak Moh. Syaiin asal Kalipuro hang buru bain madeg dadi Danramil Cikampek. Ketua Panitiyane, kang Suryanto teka Kalipait, uga anggota TNI ring Koramil Cikampek.
   Ring wawancara sedurunge kang Hadi ngomong setemene Kapursuci wis mangkat kumpul-kumpul sakat 9 desember 2019. Kegiyatane kelebu Muludan kelawan cara Banyuwangian lan mbagi masker tepak ana pageblug. Setemene ana lebih teka 100 keluwarga asal Banyuwangi hang ana ring kono naming hing kabeh bisa aktip.
   Mengarepe, Ikawangi Kapursuci bisaa dadi wadhah silaturahim, mbantu dulur-dulur ring boroan lan dadi media promosi kesenian lan budaya Banyuwangi.
  Susunan Pengurus Korwil Kapursuci:
Penasihat: Moh. Syaiin, Timbul Ono, Tawakil Rasila, Sugiyono.
Ketua: Hadi Supriyono
Wakil Ketua: Suryanto
Sekretaris 1: Rudy Hartono
Sekretaris 2: Yudiyanto
Bendahara 1: Sutrisno
Bendahara 2: Efendi Sujarwo
Seksi Kesenian: Abdul Basar, Nandar
Seksi Sosial: A. Hendra Puspandi, A. Darnoto
Seksi Keamanan: Mat Heri, Mustofa, Siswanto

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor