Ikawangi Kutai Kartanegara Nggelar Kesenian Nggalang Dana

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 25 Januari 2022 10:22 WIB)
- Laporan



Dudu sepisan pindho iki Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Kabupaten Kutai Kartanegara nggelar kesenian Banyuwangi kanggo nggalang dana milu nyumbang nong dulur-dulur hang kesusahan merga anane mala. Kayata lindhu lan longsor ring Palu Sulawesi, gunung Semeru mbeledhos lan umah kobongan hang kerep kedaden ring Kalimantan.
   Hang pungkasan iki gelar kesenian dianakaken ring latare Kantor Kelurahan Maluhu kecamatan Tenggarong ping pindho, gedigu jare Ketua Ikawangi Kukar hang buru kepilih kang Roshid hang asale teka Tegaldlimo.
"Wis pindho. Hang kepisan Ikawangi bareng ambi Arema lan PSHT, lan hang pungkasan ulan Januari iki megawe bareng ambi Karang Taruna Kelurahan Maluhu Kecamatan Tenggarong," jare kang Roshid.
   Nggalang dana iki ya wis dianakaken ping kaping-kaping, kayata ring kutha Tenggarong ring Stadion Rondong Demang lan ring pirangane panggonan ring perapatan, bareng ambi Persatuan Artis dan Musik Melayu Indonesia (PAMMI) hang ketepakan ketuwane iku, kang Wahono, asale teka Bongkoran Banyuwangi.
   Saben-saben duwe iwuh iku hing kurang ana 30-40 wong anggota Ikawangi hang milu. Ana hang pentas jaranan lan ana gandrung pisan.
   Ring latare Kelurahan Maluhu Kecamatan Tenggarong, jaranan lan gandrung dianakaken dalu-dalu teka jam 20.00-24.00 wita. Malah iwuhe iki ditekani ring Camat Kota Tenggarong lan pirangane anggota lan Ketua DPRD Kabupaten Kutai Kartanegara.
    Sore iku kekumpul picis lebih teka 90 juta hang wis diserahaken liwat BPBD Kabupaten KuKar lan ditransfer liwat rekening BRI.
"Minangka warga hang wis puluhan taun manggon ring tanah boroan hususe ring wilayah Kabupaten Kutai Kartanegara, wis anjrahe kene iki kudu dadi tuladha ring masarakat liyane. Kene iki kudu milu ngerasakaken susahe dulur hang keneng musibah minangka wujud sukur nang Gusti Pengeran lan uga njejegaken rasa urip bareng-bareng seduluran ring masarakat," jare kang Roshid.
   Ikawangi Kukar iki wis ngadeg sakat taun 1995 lan nduwe anggota kira-kira 300 wong asal Banyuwangi.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor