Ikawangi Malang Milih Ketua Anyar

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 13 Desember 2021 07:39 WIB)
- Laporan



Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Malang Raya nggelar pemilihan ketuane kanggo masa bakti kepengurusan tahun 2021-2026.
   Asile M. Ilham Adi Saputra hang kesuwur kelawan aran Abah Ilham kepilih dadi ketuane, dene wakile kepilih Dr. Rochsun M.Kes. ring iwuh hang dianakaken ring warung makan Pan Java, Kecamatan Dau, Kabupaten Malang, Minggu tanggal 12 Desember sore.
   Sak liyane wong-wong Banyuwangi hang wis dadi pendhudhuk Malang, pemilihane ditekani uga lalare mahasiswa hang ana ring Malang. Ana perwakilan teka wolung kampus hang ana ring Kutha Malang hang nduweni organisasi dhaerah Kabupaten Banyuwangi. Umpamane Universitas Brawijaya, Universitas Muhammadiyah Malang, Universitas Islam Malang, Politeknik Malang, lan Universitas Negeri Malang.
   Pemilihan hang saiki ya hing bisa adoh teka sipate wong Banyuwangi hang dhemen guyub lan akeh guyonane. Abah Ilham ngomong gok kepilihe iyane dadi ketua  umum arep didadekaken alat kanggo ngencengaken puketan seduluran warga Kabupaten Banyuwangi hang ana ring kawasan Malang Raya.
“Engkene iki ana ring kene kanggo nguwataken tali silaturahmi, lan minangka masarakat hang teka panggonan bucu wetan Jawa, engkene kudune padha kenal ring panggonan ngumbara iki," jare Abah Ilham.
   Abah Ilham uga nyatakaken arep mbangun komunikasi ambi organisasi liya hang ana ring Malang Raya. Iku dadi penting merga sak liyane nyambung silaturahmi, uga kanggo ngenalaken anane Ikawangi Malang Raya.
   Sedhilut engkas Abah Ilham lan Rochsun arep nggawe susunan pengurus lan ditututi ambi rapat kerja kanggo pengurus masa bakti 2021-2026.
   Ring panggonan hang padha, Ketua Iwangi Universitas Muhammadiyah Malang Fian Khusnul ngarepaken gok pengurus hang wis kepilih bisaa nggawa Ikawangi Malang Raya dadi lan apike mengarepe. Kepingine, ana agenda-agenda hang ngejak mahasiswa ring njerone.
“Kanca-kanca mahasiswa mula fokus ring kampuse dhewek-dhewek. Naming kene ngarepaken kepingin diejak ring kegiyatan Ikawangi Malang Raya. Dadi kene bisa sinau serawung ambi dulur-dulur teka Tanah Kelairan," jare Fian.
   Ring iwuh pemilihan iku hing kelalen marek mangan-mangan ana gendhing has Using, lan ana mahasiswa hang milu njuged lan nggandhang.
   Ikawangi Malang iki wis ngadeg sakat 2016, taping melakune durung patiya jejeg. Merga dicekel mahasiswa, masa bakti kepengurusane mung setaun. Malah ring taun 2019 kaya hing nduwe kegiyatan merga mahasiswa magih padha akeh urusan ring kampuse. Taun 2017, wong-wong tuwek hang akeh-akehe dadi dhosen ring Malang ngedegaken Akademi Madhang Maning (AMM), dipimpin Abah Ilham, kanggo wadhah silaturahim. Kegiyatane mung kumpul guyub, gesah lan mangan olah-olahan Banyuwangi.
   Buru taun iki Ikawangi hang nduwe kira-kira 200an anggota, milih pengurus kanggo masa bakti limang taun kaya AD/ART-ne.
   "Muga-muga Ikawangi saya maju mengarepe," jare Abah Ilham.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Humas Ikawangi Malang Abdul Basit

Editor: Hani Z. Noor