Ikawangi Pusat Engkisuk Arep Nggelar Munas

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 18 Oktober 2025 07:52 WIB)
- Opini



Ikawangi Pusat Engkisuk Arep Nggelar Munas
Ditulis ring Kang Aang


Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Pusat dina Minggu engkisuk (19/10/25)  arepe nggelar Munas kaping 6, kanggo milih ketua umume hang anyar.
   Ketua Umum Ikawangi Pusat hang saiki Mayjen (purn) Rusdi Maksum mesthine entek wayah jabatane (2022-2025) ring ulan Desember.
   Sapa kira-kira hang arep dadi calon ketuane hang anyar? Seperene durung ana aran hang kuwat hang bisa ngganteni Pak Rusdi.
   Kadhung gedigu lakune, kayane Ikawangi Pusat iki duwe masalah soal regenerasi.
   Balik nang pemilihan Pak Rusdi telung taun kepungkur, merga hing ana calon hang ndaptar dadi ketua umum, ketua Sidang Plenone yaiku sesepuh Pak Hafandi Noer ngusulaken Pak Rusdi bain hang mimpin lan peserta setuju kabeh.
   Tepak iku, Pak Rusdi setuju nerusaken teka kepemimpinane Kang Bambang Sugiyono hang wis mimpin telung periode, naming iyane ngajokaken sarat. Paran sarate? Pak Rusdi setuju dadi ketua naming setatuse ketua sementara (caretaker) sampek ana Munas maning hang milih ketua anyar.
   Naming merga masa jabatan arep diuwah teka limang taun dadi telung taun, diputusaken hing ana caretaker, langsung bain dadi ketua umum depinitip.
   Cumpune sampek jabatane melaku telung taun, magih durung ana aran hang bisa diagul-agulaken ngganteni Pak Rudi.
   Kelendi wakil ketua hang saiki? Wakil ketuane ana loro yaiku Mbok Titik Setyowati hang saiki dadi ketua panitia Munas lan Kang Sudibyo, karo-karone ngerasa durung siyap dadi ketua.
   Hing kaya partai politik utawa organisasi liya hang tujuwane golet untung, Ikawangi iki organisasi sosial hang gelem sing gelem arane ketua (lan pengurus liyane setemene) akeh milu nemblongi kadhung ana kurang-kurange picis dienggo organisasi.
   Bengen tau diusulaken ambi Pak Hafandi kelendi carane Ikawangi bisa dadi panggonan guyube pengusaha-pengusaha asal Banyuwangi kanggo golet dalan bisaa Ikawangi ngedhegaken seksi usaha.
   Bengen jamane dipimpin ruwahe Pak Moeljono (ketua umum sedurunge jamane Kang Bambang Sugiyono lan Pak Hanipan) Ikawangi tau ngedegaken koperasi, naming hing karuwan juntrunge.
   Seperene, kabeh kegiyatan Ikawangi disokong kelawan tiblakan teka anggotane. Kadhung organisasi hang apik mesthine bisa nguripi dhewek awake.
   Ana pisan PR hang durung mateng digarap yaiku nggawe wadhah kanggo ngelumpukaken Ikawangi-Ikawangi sak nusantara (uga sak donya). Setemene wis dikawiti kelawan rapat daring Ikawangi-Ikawangi hang saiki wis nyebar nong endi-endi. Taping durung ana kemupakatan sampek nggawe organisasi hang sah hang dilakoni. Mula ana pirangane Ikawangi ring dhaerah kaya ring Papua, Sulawesi lan Kalimantan hang dadi korwile Ikawangi Pusat, endane engkisuk Ikawangi-Ikawangi iki milu diundang engkisuk?
   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Ket. poto: Ngadeg Ketua Umum Ikawangi Pusat Rusdi Maksum