Ikawangi Pusat Jakarta Mbantu Wargane Terdampak Korona
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 20 Mei 2020 08:11 WIB)
- Laporan
Kerenteg milu ngerasakaken abote nyangga urip dulur sak perantauan sak dawane ana pageblug Korona, Ikawangi Pusat Jakarta mbagi 300 paket sembako kanggo wargane hang ana ring Jakarta, Bogor, Depok, Bekasi, Tangerang, lan Cilegon.
Sakat dina Selasa sore, paket sembako hang arupa beras, lenga, susu, biskuit, sarden, gula lan mie instan wis dijuwut saben koordinatore wilayah Ikawangi dhewek-dhewek.
"Mbagi sembako sedurunge Idul Fitri iki wujude welas dulur-dulur Ikawangi nyang dulur hang keneng dampak korona," gedigu jare Ketua Umum Ikawangi Pusat H. Bambang Sugiono.
"Mula saiki, ngadhepi pageblug covid iki, Ikawangi Pusat Jakarta, nduwe rong program. Hang nomer siji, milu aturan pemerintah yaiku hing nganakaken program Mudik Bersama hang saben taun dilakoni," jare Kang Bambang.
"Hang nomer loro, kelawan rasa milu ngerasakaken susahe urip merga ana Pembatasan Sosial Berskala Besar (PSBB) ring Jabodetabek, Ikawangi ngelumpukaken dana teka para anggotane lan didadekaken bantuan sosial arupa sembako," tambah salah siji wong Banyuwangi hang tau dadi walikota ring ibukota iki.
Masiya teka pemerintah daerah lan pusat wis ana pembagiyan, naming sumbangan teka Ikawangi ya magih diperloaken.
"Setemene ya iki salah siji gunane duwe organisasi ring perantauan. Duwe dulur hang bisa mbantu dulure hang kesusahan," ujare Kang Bambang nambahi.
Ana pirangane Pengurus hang teka tepak mbagi bantuwan iku kayata mbok Iin, kang Darmawan Setyabudi, kang Dibyo, lan mbok Sule.
Ana kira-kira 20.000an keluwarga asal Banyuwangi hang urip lan nggolet upa ring Jabodetabek-Cilegon.
Hang nerima bantuwan sosial iku warga Ikawangi hang ana ring Jabodetabek Cilegon hang dijuwut ambi koordinator wilayahe dhewek-dhewek lan Kelompok Masyarakat hang ana ring dhaerah iku.
Jare Bendahara Ikawangi Sofi Trihandoko, seperene bantuan iki minangka bantuwan hang kawitan hang engko arep dievaluasi kelendi apike.
Jare Sofi bantuwan sore wis dijuwut koordinator wilayah lan pengurus ormase ring wilayahe dhewek-dhewek, yaiku:
Ikawangi Bekasi (Kurnia), Jakarta Timur (Agua), Tangerang (Dodot), Depok (Thohir), Bogor (H. Puji), Jakarta Pusat (Agus Hendro), Jakarta Selatan (Sule), Jakarta Barat (Iin), Pokmas Ikabaru (Hadi), Magenta (Luluk), Prajurit Blambangan (Ficky).
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.








