Ikawangi Pusat Mbatalaken Mudik Bareng taun iki

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 31 Maret 2020 10:08 WIB)
- Laporan



Pageblug virus Corona hang wis dadi wabah nong endi-endi, nggawe organisasi Ikawangi Pusat Jakarta mbatalaken acara Mudik Bareng hang wis dianakaken sakat rong taun kepungkur.
"Ikawangi kayane kudu murungaken rencana Mudik Bareng iki merga virus Corona," jare Ketua Umum Ikawangi Pusat DR. Bambang Sugiono.
"Kene mung bisane miloni perkembangan lan arahan teka penerintah. Muga-muga pageblug Corona iki gancang ilang," tambah wong asal Genteng iki.
Sakat 2018, Ikawangi Pusat Jakarta, disokong ambi para donatur, mberangkataken limang bis kanggo wargane hang ana ring Jabodetabek.
Ikawangi minangka organisasi induk, disokong pisan ambi 14 koordinator wilayah (korwil) lan organisasi-organisasi hang lebih cilik kumpulane wong Banyuwangi hang ana ring ibukota lan kutha-kutha sak ubengane: Tangerang, Tangsel, Depok, Bekasi, Bogor, Bandung, Cilegon. Kayata: Arisan Jebeng, Damar 84, Laros, Magenta, Prajurit Blambangan,
Sesepuh Ikawangi, lan liya-liyane.
Hang wis ana datane akehe wong Banyuwangi urip lan golet penguripan ring Jabodetabek iki kira-kira 4500 keluwarga.
Jare Bendahara Umum Ikawangi Sofi Trihandoko setemene acara Mudik Bareng tujuan Banyuwangi ya arep dianakaken ambi Paguyuban Warga Jakarta Asal Jawa Timur (Pawarta Jatim) hang ngantor ana ring Perwakilan Pemprov Jatim ring Menteng Jakarta.
Kelendi acara liyane hang wis saben taun digelar kanggo wong Banyuwangi hang ana ring ibukota, yaiku Halal bi halal? Ketum Ikawangi Kang Bambang hang tau dadi walikota Jakarta Utara iki magih ndeleng kahanane engko lan arep digesahaken sulung ring pengurus Ikawangi.
Ikawangi Pusat Jakarta, diedegaken ambi wong-wong Banyuwangi ring Jakarta ulan September 1972. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf