Ikawangi Pusat Ngelantik Korwil ring Wolung Propinsi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 12 Februari 2025 08:26 WIB)
- Laporan
Ikawangi Pusat Ngelantik Korwil ring Wolung Propinsi
Ketua Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Pusat Pak Rusdi Maksum ngelantik pengurus anyar Koordinator Wilayah (Korwil) ring wolung propinsi lan siji Kelompok Masyarakat (Pokmas) sak Indonesia kanggo periode 2025-2027.
Wolung korwil lan sak pokmas iku 1. Korwil Jakarta Selatan, ketuane BuTitik Setyowati hang uga dadi tuan rumah 2. Korwil Cilegon-Serang, Mohammad Zaenuri 3. Korwil Tabalong, Kalsel, Imron Prasetyo 4. Pokmas Magenta, A. Prasetyadi.
Dene hang dilantik cara virtual yaiku 5. Korwil Bintuni, Papua Barat, Rino Kusyanto, 6. Korwil Bulungan, Kalsel, Imam Sujono, 8. Banggai Sulawesi Tengah, Hadi Asmoro lan 9. Korwil Pontianak Kalbar, Moh. Ikhwan.
Pelantikan lan Pengukuhan iku dianakaken ring GOR Bulungan, Blok M, Jaksel, digelar dina Minggu (9/2) sore nampilaken gandrung teka Korwil Jakarta Timur lan Kuntulan teka Korwil Tangerang Raya.
Iwuh Pelantikan ditekani pirangane tokoh hang bisa diarani hang milu ngadegaken Ikawangi hang kawitan taun 1972 hang seperono arane Pewangi Jaya: Pak Sutarjianto, Pak Noer Hafandi, Pak Abdul Hamid. Uga Ketua Ikawangi Pusat dhongkol yaiku Pak Hanipan lan Pak Bambang Sugiyono.
Dhayoh penting kelebu Bu Neni Kahfi (rabine ruwahe Pak Abdul Kahfi hang tau dadi Wakil Gubernur Jakarta), Pak Handoko - Persewangi, Pak Dwi Marhen Yono - Direktur Pemasaran Pariwisata Dalam Negeri, Pak Bambang Prihadi - Ketua Dewan Kesenian Jakarta, para pengurus Pusat, Wakil Ketua Pak Sudibyo, Sekretaris Suryanto, para ketua korwil liyane, Pak Agus Hendro (Jakarta Pusat), Pak Sugiman (Jakarta Timur), Bu Kurnia (Bekasi), Pak Anshori (Depok), Pak A. Kahfi (Tangerang Raya), Bu Titin Iriani (Tangerang Selatan).
Ring pidhatone, Pak Rusdi ngengetaken gok taun iki minangka taun pungkasan iyane madeg dadi ketua umum. Ikawangi Pusat kudu nyiyapaken ketua hang anyar.
Seliyane iku ana programe taun iki kelebu Buka bareng, Halal bihalal, lan Mudik Bareng.
Kadhung gandrung wis diuri-uri Jakarta Timur, Kuntulan ring Tangerang Raya lan Tangerang Selatan, Korwil Jakarta Selatan kepingin nggawa Jaranan ring Jakarta.
"Paguyuban iki minangka wadhah masarakat Banyuwangi sak perlu kanggo silaturahmi lan berbagi hing mung sakpadha perantau naming uga kanggo masarakat sak ubengane kene manggon," jare Ketua Korwil Jaksel Ibu Titik Setyowati.
"Mengarepe, Ikawangi Jaksel kepingin milu nguri-uri budaya Jaranan makene diweruhi generasi anyar lan lare milenial. Aja sampek budaya lan seni tar Jaranan iki diuntal lan kegerus jaman."
(laporan Humas Kang Ipoh lan Sekretaris Korwil Jaksel Setyo Budi Irianto)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.








