Ikawangi Tangerang Selatan Milih Pengurus
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 15 Juli 2020 07:36 WIB)
- Laporan
Kerentege wong Banyuwangi hang mboro ring njaba kanggo mbangun seduluran merga tanah kelairan kaya hing keneng dipenggak maning. Minggu sore wong-wong hang ana ring Tangerang Selatan ngelumpuk lan nyusun pengurus organisasi hang ana ring ngingsore Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi).
"Setemene iki dudu organisasi Ikawangi anyar. Kene iki milu payung organisasi hang lebih gedhi yaiku Ikawangi Tangerang Raya," gedigu jare Kang Dodot hang didadekaken ketua.
Ring susunan organisasi Ikawangi Tangerang Raya, hang diedegaken tanggal 28 Juli 2019, mula ana telung wilayah hang ana ring ngingsore, wis padha ambi pembagian wilayah geografis lan pemerintahan Tangerang. Kadhung minangka wilayah pemerintahan Tangerang iku dibagi telu, yaiku Tangerang Kota, Kabupaten Tangerang lan Tangerang Selatan.
"Hang Tangerang Barat kelebu Balaraja lan seteruse lan Tangerang Timur, wis jangkep penguruse. Sawetara hang Tangerang Selatan mung ana Isun minangka ketuane. Lan sore wong-wong hang gelem guyub, nyusun kelengkapan organisasi. Dadi saiki Ikawangi Tangerang Selatan wis ana penguruse," jare Dodot pawongan teka Kalipait parek Alas Purwo iki.
Tangerang Raya magih tetep ketuane Kang Purwanto lan wakile Pak Sujiono, tambahe kontraktor hang saiki malah umek ngembangaken bisnis banyu organik iki.
Saiki hang wis kecathet kira-kira ana petangpuluh kepala keluarga hang dadi anggotane, jare Kang Dodot. Magih akeh hang durung weruh gok ana Ikawangi Tangerang Selatan. Setemene akeh wong Banyuwangi hang manggon ana ring kawasan Bintaro, Ciputat, BSD lan sak ubengane hang arep diparani ambi ketuane.
Targete ulan ngarep bisa nambah maning 15 kepala keluarga.
"Nong Tangerang Selatan masiya anyar, wonge guyub. Wis ping pira bisa kecaruk. Lan enake bisa nyambung ring urusan bisnis pisan" jare Dodot.
Ana warga hang bisnise mbukak warung ayam goreng bisa kecaruk ambi hang tukang dodol pitik. Ana kanca hang adol umah lan properti, ana kanca hang bisa mbantu pemasarane," tambah Dodot hang uga aktip ring Paguyuban Warga Jakarta Asal Jawa, Tangerang Selatan.
Pengurus lan anggotane Ikawangi Tangerang Selatan iki macem-macem winge. Ana hang pensiunan jenderal sampek akademisi lan artis, jare Dodot nutup obrolane.
Ikawangi Pusat Jakarta hang ana ring Jabodetabek lan Cilegon kira-kira nduwe anggota 20.000 kepala keluarga asal Banyuwangi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Antariksawan Jusuf







