Ikawangi Tangsel Nggelar Baksos ring Lare Atim lan Duapa
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 28 Agustus 2020 09:46 WIB)
- Laporan
Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Tangerang Selatan (Tangsel) dina iki nganakaken bakti sosial arupa mbagi sega kothakan ring asrama lare atim lan duapa.
"Ring dina Jemuah berkah iki ana petang yayasan lare atim hang dikirimi, ana ring Bintaro, Pamulang sampek Pondok Cabe," gedigu jare Ketua Umum Ikawangi Tangsel Dodot Trias.
Ana 238 kothakan sega kang dikelumpukaken teka para anggota lan kang dituju dudu wong Banyuwangi taping sapa bain hang mbutuhaken ring Tangsel iki, jare pengusaha banyu asal Kalipait iki.
Liyane nang asrama lare atim, sega kothakan ya dielungaken sak dalan-dalan nang uwong hang mbutuhaken.
Kanggo ngirim sega kothakane iki Dodot ditulungi anggota liyane kayata Arif Widya, Endik, Jamil Segara, Liesnani, Robin, Samsul Anam, Siti Rupingah, Suwarto, lan Wahyudi.
"Sakliyane baksos iki, Ikawangi Tangsel ya nduwe kekarepan kang akeh kanggo majokaken organisasine lan ana manpaate kanggo anggota lan wong sak ubengane. Kayata donor darah," tambah Jamil Segara humas Ikawangi Tangsel.
Ikawangi Tangsel iki setemene buru ngadeg tanggal 12 Juli 2020 kepungkur lan anggotane saiki wis emeh 70 keluarga. Setemene payung organisasine milu Ikawangi Tangerang Raya hang nduweni telung cabang: Tangsel, Kabupaten Tangerang lan Tangerang Kota.
Masiya ring mangsa pandemi gedigi, Ikawangi Tangsel wis ping pindho nganakaken pertemuan kang tetep nganggo protokol kesehatan. Anggotane ana hang ring Bintaro, BSD, Ciputat, Cisauk, Ciputat, Pamulang sampek Pondokcabe.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Hani Z. Noor







