Ikawangi Yogyakarta, Beda Taping Guyub

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 20 Juli 2026 06:56 WIB)
- Laporan



Dulur-dulur hang ngumbara ring Bumi Mataram Yogyakarta diengetaken ulihe guyub ring Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) iku diangkati teka kahanan hang beda-beda seru.
   "Sakliyane tau duwe KTP Banyuwangi, saiki KTP Yogya lan kekarepan kepingin urip seneng donya aherat, hang liyane beda kabeh," jare salah siji penasihat Kang Hadiyanto (Ugek) ring gelaran kanggo mengeti pitung taun Ikawangi Yogyakarta ring umahe sesepuh wong asal Kalibaru, Prof. dr. H. Moch. Anwar ring Jalan Golo, Pandean, Umbulharjo Yogyakarta. Prof. Anwar, M.Med.Sc., Sp.OG(K), iki Guru Besar Obstetri dan Ginekologi UGM (konsultan fertilitas dan endokrinologi reproduksi), hang duwe Morula IVF Yogyakarta (klinik bayi tabung/fertilitas) ring parek umahe kono.
   Ring jaman hang ruwed kaya saiki iki, "Isun lan Rika kabeh kudu saya nyingsetaken guyube seduluran para diaspora", jare Kang Ugek.
   Merga akeh bedane, cara mikire kudu:
1. Enget gok awak-awak iki mula beda-beda. Aja pati digebyah padha.
2. Kudu akeh toleransi, ngarti, nyepura, lan sabar nang wong liya
3. Merga beda mau, sapa bain ulih nggawe kelompok cilikan maning kayata kelompok Mancat Sepidhah, kelompok Kuliner, kelompok Njuged, kelompok Mancing lan liyane naming tepak guyub bareng ya balik panggonane ring Ikawangi kene.
    "Amening ambi penyakit teka Banyuwangi yaiku Aclak, Ales, lan Wangkot," jare Kang Ugek nutup pidhatone.
   Seliyane Kang Ugek, penasihat liyane yaiku ana Pak Majid, Bu Titik, Pak Pur, Pak Yanto, lan Pak Ramadon. Dene Ketuane yaiku Pak Affandi, Wakil Ketua Bu Yetik lan Sekeretarise Bu Sri Siwarni.
   Acara hang nampilaken tari gandrung lalare ISI Yogyakarta, nyuguhaken pirangane gerimikan lan kuliner has uga ana hang dodolan kelambi lan kerajinan, ditekani dulur Ikawangi teka Cilacap yaiku artis youtube Oma Panca lan lakine Kang Benny, uga dhayoh hang manggon ring Solo yaiku Dr. Wildan Suyuthi lan Kang Seno.
   Dene keseniane ana tari Jejer Jaran Dhawuk lan lagu Gandrung Merekes Ati. Hang dadi penari yaiku Vallen, lare semester telu jurusan Tari ring ISI Yogya lan Gandhi hang kuliah S2 ring ISI pisan.
   Vallen sakat cilik mula dhemen njuged lan tau milu Gandrung Sewu taun 2017, 2022 lan 2023. Iyane uga tau dadi juwara FLS2N tingkat provinsi, lan juwara lomba tari sak Kabupaten Banyuwangi.  Vallen asale teka Srono dene Gandhi teka Purwoharjo.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor