IPNU IPPNU Kecaruk Maning
NURHARIRI (dipublikasikan pada Senin, 17 Januari 2022 08:16 WIB)
- Laporan
Adohe jujugan wisata Doesoen Kakao hang ana ring kecamatan Glenmore, Dina Minggu 9 Januari 2022 wis kebayar pakpok ambi senenge ati bisa kecaruk maning kanca-kanca Alumni IPNU-IPPNU Cabang Banyuwangi mangsa kepengurusan 1993-1995. Senenge ati iki kaya-kaya ketiban ndaru ring bengi dalu, bisa kecaruk lan kumpul maning ambi kanca-kanca hang semono lawase kira-kira 27 taun sing tau kecaruk. Sing ana tujuwan paran-paran nalika kumpul lan kecaruk maning kejaba mung kepingin kangen-kangenan lan ngengeti mangsa-mangsa bareng dadi pengurus bengen. Enget buru kenal nalika Konperensi Cabang lan acara Latihan Kader Madya, hang kala iku kepilih dadi Ketua IPNU yaiku Kang Achmad Sabrowi, lan Ketua IPPNU yaiku Mbok Nurlaila. Alhamdulillah ring dina kecaruk maning iki karo-karone padha bisa teka. Teka pisan hang dadi sekretaris IPNU kala iku yaiku Kang Kusnan Abadi, Alhamdulillah saiki dadi anggota DPRD Banyuwangi. Ana pisan Mbok Unsiya hang teka bareng ambi lakine Kang Yusuf hang wong loro iki bisa kecaruk lan dhemenan nalika dadi pengurus, lan Alhamdulillah bisa sampek nikah duwe anak wis gedhi. Uga akeh kanca-kanca liyane hang sing bisa sun sebut siji-siji padha guyub teka kanggo kumpul lan kecaruk maning ambi kancane. Kanca hang manggon ring jaba kutha, adoh sing bisa teka ana hang Video Call, ana rasa ngenes ring jero atine kegambar ring matane hang ngembung iluh. Kanca hang wis ninggal donya uga ana, muga-muga dijembaraken kubure. Amin.
Kawitane ngadek IPNU lan IPPNU duwe singkatan “Ikatan Pelajar Nahdlatul Ulama", lan “Ikatan Pelajar Putri Nahdlatul Ulama“, naming nalika taun 1987, kerana ana undang-undang kadhung ring sekolahan iku mung ana siji organisasi pelajar yaiku OSIS, mangka singkatan IPNU lan IPPNU dadi “Ikatan Putra Nahdlatul Ulama“ lan “Ikatan Putri-Putri Nahdlatul Ulama“. Sakwise mangsa repormasi tahun 2000 IPNU IPPNU singkatane balik maning ring asale.
Ambi nganteni panganan lan ombenan, kanca-kanca padha guyon, takon-takonan, uga sing lali wadan-wadanan. Kala-kala ngakak bareng kadhung ana cerita-cerita lucu ngengeti jaman bengen. Sing ana hang diomongaken kejaba rasa kangen hang mawa, paran maning ngomongaken politik, blas sing ana. Panganan lan ombenan wis teka lan ditata, aju kanca-kanca padha madhang seru rahabe, kerana rasane weteng hang mula wis elom ngambah dalan semono adohe. Ana hang penasaran pesen ngombe “Wedang Rondo” hang dikira ombenan paran, sing weruha mung wedang jahe, hahaha kanca-kanca padha ngakak.
Mari madhang, ambi ngentekaken ombehan, kanca-kanca rembugan kapan bisa kumpul maning lan ring endi panggone. Ring genjot panggon karaoke, laik-laik suwarane gendhing Belambangan hang digendhingaken Mbok Dewi lan Mbok Uun ngancani senenge ati hang keliwat iki.
Serehne wis suwi ulihe kumpul-kumpul, aju kanca-kanca padha pamitan, sing lali sak durunge pisah kanca-kanca poto bareng kango kenang-kenangan.
Kumpul maning
Kecaruk maning
Ngunting iling
Kangene keliwat sangking
Kangen hang mawa
Ngilangaken kesele raga
Wis kebayar senenge rasa
Nalika kecaruk ring ngarep mata
Doesoen Kakao dadi saksi
Rasa kangen lawas nganteni
Saiki ring dina iki
Ucul diecul kangene ati
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







