Iwuh Wong Using Kaya Gedigi, Magih Ana Tah?
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 16 Juni 2026 06:37 WIB)
- Laporan
Bengen kadhung ana wong iwuh, duwe gawe, iku berkate kanggo wong wadon hang kondangan ulih rong tangkep pincukan cilik. Pincukan siji isi sawur lan bergedel sawi, aju pincukan sijine isi kethot.
Wong wadon hang kondangan gawane beras sak nikel (setengah kilogram), wadhahe baki ambi ditutup taplak meja, utawa kain persegi papat.
Kadhung wong lanang akeh-akehe mbecek nganggo picis, mulih kadhang ulih, kadhang sing kathikan ulih berkat. Ring Kemiren disebut arisan lanang biyasahe sedina sedurunge iwuhe digelar.
Kanggo wong wadon hang ngajak anake magih cilik, biyasahe ulih jatah ithuk sega sak iwake.
Kadhung dulur parek utawa kenalan parek, biyasahe melabot, utawa milu nulungi tandang gawe mulai bukakan sampek bubar. Gawane wong hang melabot mau, dulur lan kenalan parek, iku lebih akeh timbang wong liya. Ana hang nggawa beras, mie, endhog, gula pasir, kecap, kelapa lan liya-liyane.
Sak suwene ditinggal melabot, keluwargane biyasahe ulih berkat ping telu sedinane, kaya wayahe mangan dirangsum teka hang duwe iwuh mau.
Kadhung durung dirangsum, lare-lare cilik hang keelomen, marek-marek ngadeg nang ceracaban lawang ambi celuk-celuk emake, iki hang diarani adhuk-adhuk.
Yaiku gambarane wong repot jaman bengen, saiki kaya wis arang (malah nawi wis sing ana) hang kaya gedigu mau. Kabeh diatur ambi organizer.
Pungkasan sak durunge usum perasmanan, iku nganggo cara "Makan Jalan".
Dhayoh teka wis ana ring meja jajan kepusan, aju kari kopine metu. Mari gedigu sega langsung metu, sing kathik pindhah lungguhan.
Sedurunge, dhayoh teka disuguhi jajan kepusan, kopi aju gesah ambi nganteni kancane. kadhung wis cukup, buru dipindhah nang panggonan mangan 'husus'. Iwak lan jangane njuwut dhewek, sing dietap nang piring campur sega kaya saiki. Kadhung dhayoh wadon suguhane komplit, sak liyane jajan kepusan dideleh ring piring, uga ana jajan garing (keretepan) hang dijejer nang meja dawa diwadhahi toples. Wayah mangane, dhayoh wadon sing kathik pindhah panggonan, sakat bengen adate gedigu.
Panggonane pisah, utawa dhewek-dhewek. Kadhang malah sak keluwarga teka dhewek-dhewek, hang wadon tekane ngeraina utawa soren, engko hang lanang mari Magerib.
Iki gambaran wong iwuh jaman bengen. Magih akeh istilah lan tata cara hang durung kesebut. Nawi rika magih enget, acak tambahana dulur.
(Hansen)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.