Jae Jeruk, Makene Sing Kelemon

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Kamis, 18 Juni 2026 07:19 WIB)
- Resensi



Wong hang duwe awak kelemon (obesitas) mesthine ya sing enak merga gampang keneng penyakit, penyakit sesek, jantung kolesterol beludrek lan liyan-liyane.

Patheng Ngombe godhogan wedang jae lan jeruk pecel/nipis bisa ndhukung program penurunan berat badan/diet. Kombinasi jae lan jeruk uga kuwat ndhukung kelancaran nyang jamban ningkataken metabolisme uga bisa ngobong lemak ana ring njero awak.

Wedang jae jeruk iki apik kanggo wong hang kelemon (obesitas)

Carane:

  1. Godhogen sak wuku jae hang wis diparut nganggo banyu sak gelas gedhe (300-400 ml)
  2. Kadhung wis gemulak coroten nyang cingkir tambahana jeruk pecel/nipis setengah jeruk, nganggo jeruk lemon ya keneng
  3. Tambah madu sak sendhok makene rasane enak (opsional)

Kandhungan:

Vitamin C hang akeh hang ana ring jeruk lan anti oksidan hang ana ring jahe ningkataken daya tahan tubuh (imunitas) makene sing gampang lara.

Kolesterol lan beludrek/darah tinggi bisa stabil sing gampang munggah mudhun

Kasiyate:

  1. Jae duwe kandhungan senyawa gingerol lan shogaol hang kanggone dadi jat antiobesitas hang nggancangaken metabolisme lan termogenesis (produksi panas tubuh)
  2. Jae uga duwe kandhungan asam sitrat kadung kecampur jeruk pecel/nipis dadi efisiensi metabolisme bisa ngilangaken lemon lan ngobong kalori nong njero awak
  3. Jae bisa njaga kadar gula darah tetep stabil, iku perlu kanggo ngurangi kepinginan mangan terus
  4. Jae duwe kandhungan sifat antiradang bisa ngurangi peradangan hang bisa uga dadi cikal-bakale obesitas (pemicu obesitas)

Cacaken bain iki obat/tamba kuna wong Banyuwangi hang wis dipercaya sakat kuna-makuna.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : dokumen pribadi

Editor: Antariksawan Jusuf