Jajang Lan Gunane Kanggo Wong Using
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 27 Mei 2026 08:02 WIB)
- Laporan
Ana pirangane wit-witan hang sing adoh teka uripe wong Using saben dinane, yaiku gedhang, kelapa lan jajang. Ibarate hing ana hang aran sedina teka uripe wong Using hang hing kesemplok salah sijine. Teka pupuse gedhang, godhonge, gedeboge, uwohe gedhange, teka janur, jeliring, ruyung, paran maning uwoh kelapane. Gedigu pisan jajang. Paran maning ring dina ngerayaaken Idul Kurban, saben wong nggawe sujen jajang, ngunduki daging ulihe belehan.
Jare sesepuh Dukuh Talunjeruk kecamatan Glagah, kang Usik, pirang maceme jajang duwe pungsine dhewek-dhewek.
Jajang benel kanggone dienggo gawe gedheg utawa seseg, welasah, tenong, irig, nyiru, kukusan. Bisa uga dienggo nggawe pondhok sawah lan kebonan, digawe lincak, kursi antik, digawe sengker, pageran lan ebege kerupuk, kurungane pitik lan manuk. Jaman bengen jajang benel iki dienggo nggawe ebege bako, erenge umah, banjang, tabuan angklung, kentulitan lan palesane pancing.
Bengen lanjaran kanggo lobok, kacang, ranti akeh-akehe teka jajang wuluh. Serta saiki wis entek pungkasane lanjaran nganggo jajang petung disigari.
Ana maning hang aran jajang tali, ana hang nyebut arane "jajang pring" enggo gawe irig, welasah, tenong nyiru utawa rujine kurungan manuk lan berandhing mergane erose dawa lan lemes. Hang tuwek dienggo dur mergane lebih pancen.
Godhonge digawe jamune sapi mari ngelairaken anake. Ebunge diparut diperes dijuwut banyune dienggo jamune wong kencing batu.
Jajang petung dienggo gawe saka, gelandar lan suwunan umah.
Magih akeh jenise jajang hang dienggo saben dinane: jajang ampel, ori, petung/melewuk, wuluh, wuluh lampar. Lampar kuning jaman bengen dienggo gawe tulup hang wujude kaya sumpite wong Dayak.
Ana pisan jajang peting, jajang surat, jajang gabug/gabes, jajang petung terasi, jajang ketangi, jajang sere, jajang watu, jajang sangsangan, jajang pring, jajang tutul.
Jajang paran hang durung kasebut ring desanira?
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.



