Jaranan Menir Budoyo Nggalang Dana Korban Semeru
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 03 Januari 2022 10:38 WIB)
- Laporan
Merga rasa seduluran, grup jaranan Menir Budoyo Genteng, nggelar penggalangan dana hang arep disumbangaken nyang korban musibah Gunung Semeru.
Penggalangan danane sore dianakaken ring Curah Tangi, kulone Pom bengsin Genteng.
Ana lebih 50 seniman jaranan kelebu 10 panjake hang milu ring acara iku, jare wakil ketua sanggar Jaranan Menir Budoyo Susi Kusuma. Dene ketua lan pelatihe grup jaranan hang buru diedegaken tanggal Oktober 2021 iki kang Imam Kurniadi, lakine mbok Susi.
Laki rabi iki milu nguri-uri budaya jaranan lan ngedegaken sanggar jaranan merga karo-karone iki seniman hang sedina-dinane ubret ring janger. Susi iki penari janger Karisma Dewata lan hang lanang pengendhang janger lan jaranan Agung Wilis Cluring.
Setemene anggota sanggar jaranan Menir Budoyo iki hang netep mung ana wong 20 wayang (penari jaranan) lan 10 panjak. Taping sore iku merga akeh hang rungu gok acarane kanggo nggalang dana korban Semeru, ana lebih 50 panjak lan wayang hang milu nyokong acarane. Pirangane wayang nggawa tari Barong Prejeng, Buta, Garudha lan Banteng.
Teka acara penggalangan dana iku ulih picis 2.310.000 rupiah hang arep ditransfer liwat BRI merga hing ana hang bisa ngateraken dhewek, jare mbok Susi.
Ring sanggar hang ana ring dusun Jalen Krajan, Setail, Genteng iku anggotane rata-rata pegaweyane wong tani, ana peternak lan hang megawe ring bingkil.
Masiya anyar sanggar Menir Budoyo iki wis ulih tanggapan teka endi-endi, kaya desa Bulusari, Bango, Tamansari lan hang pungkasan ring desa Jambewangi kanggo hajatan sepasar wong kemantenan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Poto: Rudy Yanto
Editor: Hani Z. Noor






