Jebeng Thulik Hing Mung Sukur Juwara

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 16 Desember 2025 08:09 WIB)
- Laporan



 Jebeng Thulik 2025 Hing Mung Sukur Juwara

"Jebeng Thulik kudu dadi panutan, agen pembangunan, uga duta promosi budaya lan pariwisata Banyuwangi. Hing mung perkara sapa hang dadi juwara naming kelendi carane dadi inspirasi," wekase Asisten Perekonomian dan Pembangunan Setda Banyuwangi, Drs. Dwi Yanto, MKP, makili Bupati Banyuwangi ring gelaran Jebeng Thulik Banyuwangi (JTB) 2025.
   Final JTB digelar Senin dalu (15/12) ring Gesibu Taman Blambangan.
   Kayane abot seru sanggane. Merga jare Pak Dwi, "Jebeng Thulik hing mung sukur ajang kompetisi naming cara ngolah karakter lan cara mimpin kanggo generasi enom."
   Hing maido alare iku dibabar sulung ngeliwati karantina, pembekalan sampek magang ring Satuan Kerja Pemerintah Daerah (SKPD) sedurunge milu final.
   Sedurunge wis ngeliwati saringan, dipilih teka 173 lare dadi mung 12 pasangan, aju ana pembekalan ilmu macem-macem. Kayata Paes (grooming), bahasa Inggris, Presentasi, Bappeda, Organisasi, Kelas kecantikan, Tata cara nang meja makan (table manner), Ngadi salira ngadi busana, Kewirausahaan, Protokoler, dadi penyiar berita, uga Pengetahuan bab budaya Banyuwangi lan basa Using.
   Iwuh hang nggawa tema “Semebyar Sumunare Laskar Srengenge Pojok Wetan” kaya arep nengeri gok generasi enom  Banyuwangi hang diarep-arep ngewani kontribusi liwat nguri-uri budaya, pariwisata lan ngabdi sosial.
    Peroses hang dilakoni lalare iki penting merga dewan juri - ana hang akademisi, budayawan, jurnalis, lan praktisi budaya - ngewani biji njuwut 70 persen teka karantina lan 30 persen teka tampilan ring final.
   Juri pungkasane netepaken Jebeng Nadin lan Thulik Alvito minangka Jebeng Thulik Banyuwangi 2025. Dene Wakil I keneng Jebeng Lintang lan Thulik Iqbal, lan Wakil II diserahaken nang Jebeng Niar lan Thulik Dava.
   Hang ulih Harapan I Jebeng Intan lan Thulik Radit. Sawetara Harapan II Jebeng Aureli lan Thulik Mario. Gelar Juara Favorit dielungaken nang Jebeng Nadin lan Thulik Radit. Juara Berbakat diwakaken nang Jebeng Chelsea lan Thulik Anggoro.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.