Jenang Sura lan Selametane Nabi Nuh

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 15 Juli 2026 05:50 WIB)
- Laporan



Ulan Sura kanggone penanggalan Jawa, utawa ulan Muharram kanggone penanggalan Islam, akeh macem-macem kegiyatan masarakat Banyuwangi. Kebo-keboan lan selametan desa ring desa-desa liyane ring Banyuwangi, umume dianakekan tepak ulan Sura. Ulan Sura uga dipercaya ulan hang sing tepak kanggone wong duwe gawe (iwuh/hajat/repot), utawa pindhah umah lan ngawiti pegaweyan anyar. Malah ana pirang-pirangane uwong hang duwe kepercayaan Jawa, ulan Sura iku mau dienggo ngedusi gaman utawa keris.   
    Kanggone umat Islam, ulan Sura (Muharram) ya ulan anyar kanggo ngawiti taun. Malah kanggone wong Banyuwangi, akeh-akehe padha nggawe jenang Sura kanggo diater-ateraken nyang tanggane.
Ulan Sura utawa Muharram mula akeh kedadeyan gedhe kanggone wong Islam.  Ambekaneya tah uwong-uwong nganggep Jenang Sura iku kanggo mengeti taun anyar Islam, temakaken dudu iku thok. Magih ana kedadeyan hang dipengeti, yaiku selamate Nabi Nuh sak uwise kapale kemambang ring segara suwene 40 dina. Ulihe takon-takon nang wong tuwek, temakaken Jenang Sura wong Using iku kanggo mengeti selamete Nabi Nuh teka bahaya ombak segara hang gedhe lan nyebabaken kapale pecah. Tepak Nabi Nuh nggadug ring dharatan ambi umate, aju takon nang umate gawan sangune umate magih ana tah? Serta dijawab magih ana sisa, Nabi Nuh aju ngongkon gawanane mau digawe jenang. Kabeh kongkon ngolah dadi siji kelawan digaluh sampek dadi jenang, tujuwane makene cukup diedum kanggo umate hang selamet mau. Serta jenang mau wis mateng, Nabi Nuh ngajak umate kanggo nyukuri nikmat lan welase Gusti Alloh, merga magih diuweni umur lan selamet teka musibah gedhe. Serta marek ndonga bareng, aju jenang mau diedum lan dipangan bareng. Iki cerita hang dienggo dhasar teradhisi Jenang Sura ring Banyuwangi, dadi magih kenthel unsur siar Islame, masiyatah iku dudu sariat Islam. Wong-wong hang nganakaken selametan Jenang Sura mau, mula tujuwane nggolet lilane Gusti Alloh, kedadeyan selamete Nabi Nuh keneng dienggo pengenget. Sapa lan kelendi bain, aja lali ngucap sukur lan njaluk keselametan nang Gusti Alloh.

(Hansen)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf