Kadisbudpar Bramuda: Banyuwangi Cocog Kanggo Wisata Sepidhahan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 16 Maret 2022 07:39 WIB)
- Laporan



Salah siji acara Banyuwangi Festival 2022 hang diarani Ikawangi Cycling Nusantara (ICN) iki dikarepaken bisa nduduhaken nyang sapa bain gok Banyuwangi iku panggonan kelenceran hang cocog kanggo wisata olahraga (sport tourism), gedigu jare Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata pak Muhammad Y. Bramuda tepak acara rapat nyiyapaken ICN sore.
   Kelawan anane acara sepidhahan iki "kaya ngajak pesepeda teka njaba kanggo sepidhahan ring Banyuwangi," jare pak Bramuda.
   Rencanane, rombongan pemancat sepidhah hang mangkat teka Bandara Blimbingsari arep diberangkataken ring Bupati Ipuk Fiestiandani jam 06.00 isuk.
   Minangka panggon jujugan kelenceran, Banyuwangi hang nduwe segara dawane 175 km ring wetan sampek ngidul, lan gunung dhirik ring kulone, sugih ambi jujugan wisata olahraga kelebu sepidhahan. Sakat teka nyelem ring segara lan olahraga banyu liyane sampek munggah gunung kabeh ana ring Banyuwangi.
   ICN setemene salah siji kegiyatan kanggo mengeti dina dadine Ikatan Keluarga Banyuwangi Pusat hang kaping 50. Acarane dipiloni 694 wong kelawan perincian 151 wong teka Ikawangi sak Nusantara lan 543 hang mancat asal Banyuwangi. Sak liyane teka Banyuwangi lan Jakarta, Bogor, Depok, Tangerang Raya, Tangerang Selatan, Bekasi, Bogor, Karawang-Purwakarta-Subang-Cikampek, ana pisan hang dhaptar teka Malang, Pasuruan, Jember, Yogyakarta lan hang paling adoh teka Kalimantan Utara.
   Acara mancate dikawiti teka Bandara Blimbingsari ngeliwati Sukojati, Dadapan sampek ring Pendhapa Sabha Swagata Blambangan Banyuwangi. Sak liyane mancat bareng, acarane uga ana kegiyatan sosial kayata Bedah Rumah lan santunan kanggo lare atim. Kanggo hadhiyah lawange (doorprize) ana sepidhah montor Vario 160 lan pirangane sepidhah pancat.
   Saben wong hang wis daptar engko ulih kupon hadhiyah lawang, sarapan, sega kothakan, kaos lan ombenan sak dawane dalan hang ana ring pos 1 ring Sukojati lan pos 2 ring ngarepe Taman Makam Pahlawan.
   Ikawangi Pusat ngadeg tanggal 16 September 1972 kelawan aran Persatuan Warga Banyuwangi Jakarta Raya (Pewangi Jaya). Tanggal iku ditetepaken merga iku hang dadi bibit perkawit anane Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) hang sak iki wis njumbul nong kutha-kutha sak nusantara, malah ring negara manca.
   Ikawangi Pusat uga duwe Koordinator Wilayah (Korwil Jakarta Pusat, Jakarta Utara, Jakarta Selatan, Jakarta Timur, Bekasi, Bogor, Depok, Tangerang Raya, Tangerang Selatan lan Cimerang) lan Pokmas kayata Prajurit Blambangan, Magenta (Masyarakat Genteng dan Sekitarnya), Ikabaru (Ikatan Keluarga Kalibaru), lan Gowes Ikawangi.

Poto: Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata MY Bramuda poto bareng ambi Pengurus Ikawangi Pusat

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor