Kampus Seni Anyar lan Tantangan Nguri-uri Kreatipitas Panjak

Moch. Anil Syidqi (dipublikasikan pada Sabtu, 17 Mei 2025 05:54 WIB)
- Opini



Nora suwi maning, kuliyah S-1 Institut Seni Indonesia (ISI) Surakarta kampus Banyuwangi bakal dikawiti. Ana rong program studi kang dibuka, yaiku Etnomusikologi lan Tari. Iki wis digadhang sakat bengen ambi seniman kawakan Banyuwangi kayatah ruwahe Pak Sahuni.

Ring tulisan sedurunge (Wis Wayahe Banyuwangi Duwe Pendidikan Formal Seni) isun nyampekaken bab perlune Banyuwangi duwe pendidikan formal seni. Tegese, sekolahan kang ubred nong perkara seni.

Dhasarisun ngajokaken gagasan iku, sakliyane negesaken kabar kang wis nyebar pirangane taun taping sing ana nyatane, uga, miturut mat-matanisun, anane sekolah formal seni ring Banyuwangi bisa dadi cara kanggo nguri-uri, njejegaken, lan ndadekaken seni budaya Banyuwangi maju.

Taping, usaha iki sing mung mandhek ning kene thok. Sakmarine kampus iki ngadeg, ana perkara liyane kang mesthine dadi bahan pengenget.

Kadhung kesenian Banyuwangi wis melebu nyang pekarangan kampus, tegese seni iku mau bakal digawa nyang babakan anyar kang diarani budaya tulisan. Gendhing lan tari Banyuwangen kang sedurunge mung diwulangaken nganggo cara cangkem lan rerungon, kudu bisa ditata, dadi rumus, bisa diitung pasthine kelendi, dijelentrehaken makene gampang disinaoni.

Sakliyane iku, budaya tulisan bisa dadi salah sewijine cara nyimpen, utamane, gendhing-gendhing. Bisa dibukak kapan bain kelawan diwaca. Kayadene lontar-lontar lawas kang umure nawi atusan taun.

Sak jalur ambi gesah iki, taun 2021 kepungkur (tepak dadi mahasiswa STKW Surabaya) isun nggawe program KKN "Maca-Nulis Notasi Kepatihan" ring Sanggar Seni Angklung Sekar Tanjung Alasmalang.

Paran iku notasi kepatihan?

Perlu diweruhi sulung tegese notasi. Notasi iki cathetan. Kepatihan iki sewijine werna notasi kang dienggo ring gamelan Jawa. Dadi, notasi kepatihan iki cathetan gendhing, bisa arupa nada/lagu, utawa tetenger unine kendhang, patrol, lan sepiturute.

Iku apike notasi kepatihan. Kurange, notasi kepatihan durung bisa nyakup kabeh perinthilan tabuhan, aliyas kurang lengkap. Notasi iki sing bisa ngewani tetenger kang jelas bagiyan-bagiyan gendhing dithuthuk kelawan cara kelendi. Mulane, sakliyane ditulis nganggo notasi kepatihan, kudu ana rekaman suwarane.

Kadhung gedigu, apuwa sing langsung direkam suwara bain? Kathikan ditulis, paran.

Kadhung kanggo tujuwan piwulang ring kelas, cara rerungon rekaman kurang tepak. Kesuwen. Merga sing mung kudu nggoleti lagune wilah kepira, polahe thuthukane ya kelendi.

Seliyane ditulis, gendhing-gendhing kang arepe diwulangaken nyang murid kudu diuwah dadi gampang, utawa digawe rumuse makene pasthi itungane. Perkara iki hang dadi masalah.

Kerep digesahaken nong ISI Surakarta, sekolahan seni formal iku ndadekaken kreatipitase panjak mudhun. Satu’ angklung lan tukang kendhang kang maune bisa nabuh sak enake atine, kudu manut tulisan. Iyane didhikte. Ana kang ngomong dadi kaya robot. Thuthukane dadi seragam.

Aleya, cemakane tukang kendhang Bukhori ambi Yosi iku beda. Solahe pantus Pak Cisman ambi Pak Kasturi duwe modhele dhewek. Mulane, mengarepe, makene sing ngilangi sugihe perkara iki, kelendi carane bab kang kurang-kurang iki digoletaken dalan tengahe.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : -

Editor: Antariksawan Jusuf