Karang Laut Hias Banyuwangi Didhemeni Pasar Ekspor
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 28 Februari 2026 07:20 WIB)
- Laporan
Komoditas asil laut Kabupaten Banyuwangi saya didhemeni pasar global. Salah sijine hang didhemeni yaiku karang hias asil budidaya hang didhemeni pasar Asia, Amerika sampek Eropa.
Salah sijine yaiku asil budidaya karang hias hang dilakoni ambi Sri Kandi Aquarium Banyuwangi, hang ajeg ngirim ekspor nyang pirangane negara manca ring telung benua kaya hang dikabaraken teka akun @semangatbanyuwangi,
Karang-karang (koral) iku dienggo njangkepi kebutuhan akuarium laut umahan hang saiki akeh didhemeni ring negara-negara manca.
Ana sekira 39 macem karang hang dibudidaya ring panggonan iki. Loro teka antarane dadi primadona hang paling didhemeni yaiku Euphyllis lan Acropora merga nduweni maneka macem kelir hang eksotis.
"Kene nandure nong segara. Kanggone kebutuhan ekspor biyasahe panen sekira umur telung ulan sampek rong taun, miloni penjalukane pasar," ujare I Ketut Sukandi minangka hang duwe Sri Kandi Aquarium nyang bupati Ipuk Fiestiandani tepak sanja nyang panggonan budidaya Sri Kandi Aquarium ring kecamatan Kalipuro dina Senen 23 Pebruari.
Sedurunge diekspor, koral-koral hang wis dipanen dipajang lan disiyapaken ring njero akuarium. Ring panggonan iki ana 20 akuarium banyu laut hang saben sijine bisa nampung 200 karang siyap ekspor lan saben akuarium dijangkepi alat sistem sirkulasi banyu lan sinar ultra violet hang nyukupi kebutuhane.
Kandi nyeritakaken gok usahane iki wis ulih idin teka kementrian kanggone ekspor sakat taun 2011.
"Penjalukan teka luar negeri tambah terus. Saiki pasar hang paling gedhe yaiku China, Amerika Serikat lan Eropa," jare Kandi.
Ring saben ekspor, Kandi bisa ngirim 200 sampek 1.200 iji koral hang regane sekira 6.000 US Dollar.
Bupati Ipuk ngeregani upaya budidaya karang iku. Miturut bupati, iki hing mung nyurung merujuke ekonomi, taping uga ndhukung upaya konservasi merga nganggo sistem budidaya, hing njuwut langsung teka alam/laut.
"Karange apik, ayu-ayu lan akeh maceme. Lan iki kabeh minangka asil budidaya," ucape bupati Ipuk.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.