Kecamatan Glagah Tap-tap Wulu Kanggo Festival Seni Siswa

HENI KURNIAWATI (dipublikasikan pada Senin, 28 Februari 2022 08:47 WIB)
- Laporan



Sakdurunge Festival dan Lomba Seni Siswa Nasional (FLS2N) tingkat kabupaten diangkati, Kelompok Kerja Guru (KKG) Seni Kecamatan Glagah nganakaken seleksi ring tingkat kecamatan sulung. Iwuh iku dianakaken ring SD Negeri Glagah tanggal 19 Februari 2022. Pesertane yaiku murid paling tuwek kelairan 1 Januari 2010, wakil teka saben lembaga Sekolah Dasar kang ana ring Kecamatan Glagah.

Jenis lomba antarane Menyanyi Tunggal, Cipta Baca Puisi, Kriya Anyam, Pantomim, Gambar Bercerita, Membatik lan Melukis. Saben jenis lomba dipiloni murid siji perwakilan teka saben lembaga. Dadi akehe lelare kang milu lomba sing kari akeh nemen. Merga lembaga SD kang ana ring kecamatan Glagah akehe 19 SD.

“Isun kepingin seleksi FLS2N kecamatan iki tim juri bener-bener golet bibit kang paling apik, merga lelare iku arepe dadi wakile kecamatan Glagah nong FLS2N ring tingkat Kabupaten. Kaya binaane KKG Basa Using sabene kang wis bisa nggayuh juwara loro Lomba Ndongeng ring acara Bulan Bahasa ulan Desember kepungkur," jare Janoto, S.Pd minangka kepala Koordinator Wilayah Kerja Satuan Pendidikan kecamatan Glagah nguwani wekas.

Iwuhe KKG Seni iku diangkati kelawan pendaptaran liwat jalur njero kawat (online) kanggo ngalesi gemerombole uwong. Jurine uga njuwut teka wong kang ahli ring bidhange seliyane guru kanggo nemokaken bakate lare kang paling apik. Acara dikawiti sakat jam pitu isuk lan dipungkasi jam 12 bedhug. Saben jenis lomba manggon nong kamar-kamar kelas lan peserta sak jurine wajib nganggo masker. Dadi acara iku magih tetep bisa patuh protokol kesehatan.

“Kesuwun kanggo Tim KKG Seni kecamatan Glagah kang wis guyub nyuksesaken acara seleksi FLS2N tingkat kecamatan Glagah. Perjuwangane durung tutug. Lalare kang wis juwara siji iki kudu dilatih maning makene bisa lebih apik kanggo makili lomba FLS2N ring tingkat Kabupaten. Muga-muga lalare bisa menang ulih nomer," ujare Natalia Utami, S.Pd minangka wakil ketua KKG Seni kecamatan Glagah lan uga dadi guru kelas lima ring SD Negeri Olehsari iku.

Tim KKG Seni uga magih nyawisaken lalare kang arep lomba FLS2N bidang tari. Kelawan ngundang lare lima perwakilan saben lembaga SD sak kecamatan Glagah. Dilatih sampik diajak nggawe jugedan kreasi anyar ambi gendhing tabuhane pisan.

 “Taun iki mula sepesial, lalare kang milu lomba iku kabeh mula kurang persiyapan merga keterak Corona. Dadi waktu latihane mung sedhilut. Tapi untung wis lomba iki akeh kang milu tengere lalare tetep semangat belajare”, pungkase Natalia guru kelairan Banyuwangi, 5 Desember 1985 kang uga dadi pelatih tari lan ketua uga kang duwe Sanggar tari Langgeng Sari Olehsari.

  Peserta lomba mbathik 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor