Kecaruk Bucung

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Kamis, 03 Februari 2022 09:25 WIB)
- Laporan



Dhung nong jim, para alus isun ya ana wedine taping hing kari sampek keplayon, naming dhung weruhe kaget iku hang sampek ndheredheg nong ati. Isun tau dicaruki bucung tepak magih milu pengabdian masyarakat ring Desa Tamansari Kecamatan Licin. Wektu iku posisine ya hing kari ngagetaken mung isun ya ana wedine sithik.

Cerita genepe iku gedigi,

Isun lan para panitiya pengabdian masyarakat dhung bengi iku paceke kumpul nong umah hang dipanggoni ambi panitiya hang bagiyan konsumsi. Ring kana kegiyatane mesthi madhang bareng aju diterusaken rapat uga persiyapan kanggo dina engkisuke. Angger dalu iku pisan sakmarine rapat lan madhang bareng lalare padha mulih nong umahe dhewek- dhewek. Hang dimaksud umahe dhewek- dhewek iku saben panitiya lanang lan wadon biyasahe manggon nong umahe masarakat hang disebar saben dusun hang ana ring desa Tamansari iku. Isun minangka lare lanang ambi kanca-kanca liyane ya angger dikongkon ngateraken kanca-kanca wadon iku mulih.

Ring dina hang kesiji magih aman hing ana paran-paran, kahanane magih sintru ya kecampur ambi rasa kemesar. Kerana dalan hang diliwati petengan hing kari akeh damar lan kadhang ana hang umahe kudu liwat gang hang peteng kerana kiwa tengene mung ana uwit kopi.

Kadhung raina, kahanan wis padhang, kadhang tepak bedhug utawa wis wayah ngaso, lalare saben-saben gesah pengalamane keliling kampung lan dusun. Embuh pengalaman lucu, medeni, uga hang nggawe dheg-dhegan. Ring kana ana embok tingkatisun kuliyah hang cerita kadhung iyane tepak mulih dalu-dalu gedigu iku aseline weruh para alus taping iyane magih hing juwari cerita nyang kancane wadon. Ndheredhege ana lan magih ana rasa wedi kerana nawi kanca-kancane kaget pisan lan hing gelem nerusaken kegiyatan iki mauka.

Ring kana lalare padha waspada kabeh lan hang getap-getap padha hing gelem maning ngateraken kanca-kanca wadon mulih, uga ana lalare wadon hang mula wanenan dhung nong gedigonan mauka. Isun dhewek ring ati ana rasa curiga sakat weruh cerita iku naming dhung isun duduhaken rasa wedinisun yara bakale dirasa lare lanang getap. Isun ya macak wanen bain masiyatah magih pikir-pikir dhung munggone kecaruka temenan ambi para alus iku.

Rada suwi gesahe tutug lan nerusaken kegiyatan sampek kecaruk maning ring bengi hang kepindho. Ring kana wis mangkat iren-irenan hang arep ngateraken kelawan alasane dhewek-dhewek. Ahire isun hang ngateraken kanca-kanca wadon. Mula lanange mung sithik lan dipanggonaken sak umah dadi sedurunge hang lanang-lanang iku balik nong umahe padha dikongkon ngateraken kanca-kanca wadon. Isun ngewanekaken tekad nong ngarepe kanca-kanca makene hing dianggep cimih isun iku. Ring bengi iku isun wis wiridan thok sedawane dalan makene selamet melaku lan mulihe ngateraken, temenan ahire hang nggawe mengkorog njumbul. Ring kana kanca wadon iku temekaken salah gang. Gang hang dileboni mauka dalan hang peteng dhedhet hing ana lampu kerana gang iku dalanan perkebunan kopi. Kerana salah dalan ahire ngajaki muter balik nong lurung hang aspalan maning. Isun hang nong mburi dadi puter balike ya mburi dhewek.

Tepak iku isun bilukaken sepidhah montorisun, tepak wis hun peligukaken gok sak kelerepan ana wujud bucung matane wera kira-kira sak kethemane wong tuwek taping bolong. Isun hing sadhar wektu iku. hing sadhar ya hing yakin gok hang sun weruhi sak kelerepan mauka wujude para alus. Kerana biluke isun iku cepet dadi hing kari jelas taping ana rasa yakine dhung iku mula bucung kerana wujude ya padha kaya dene bucung.

Tepak balik lan wis sadhar dhung iku mula para alus, isun langsung ngecir bain ngegas sepidhah montor. Isun melaku maning nunggang sepidhah mauka marani lalare wadon hang wis puter balik ambi ndheredheg. Sedawane dalan sampek nggadug umah hun simpen bain cerita iki sampek kegiyatane iki mari.

Putere jam wis hing kerasa dina iki kecaruk dina kesuke lan wis padha marek nong kegiyatan pungkasan. Temakaken dudu isun thok hang dicaruki bucung, ana wektu istirahat, isun lan kanca-kanca hang angger cerita padha kumpul lan nggesahaken maning pengalaman horor. Eh...

Temekaken kanca wadonisun hang sun ateraken ya dicaruki pisan ambi para alus taping dudu bucung. Iyane kerasa dhung nong uwit hang dhuwur dhewek ring salah siji dusun ring desa Tamansari iku tepak mulih nubengi ana wujud gedhi kaya bojog taping wernane cemeng. Isun ya nyeritakaken dicaruki bucung mauka. Lalare hang wedi padha nduduhaken nong raine dhung wis hing gelem maning milu kegiyatan nong kana. Malah ana hang ngalih tepak gesah horor iku muka.

Iku pengalaman sak umur-umurisun seperene. Buru iku isun dicaruki para alus hang sing disangka-sangka wektune lan panggonane.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : pribadi

Editor: Hani Z. Noor