Kelangan Gendhing Banyuwangi ring Taman Mini
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Minggu, 26 Desember 2021 07:35 WIB)
- Laporan
Ilange suwara gendhing Banyuwangi ring Taman Mini Indonesia Indah (TMII) nggarahi wong kelangan.
Saben taun, utamane ring ulan Syawal, Anjungan Jawa Timur ring TMII nggelar pentas kesenian hang dikirim Pemda Kabupaten Banyuwangi. Ring acara pentas iku Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Pusat Jakarta sekaligus nganakaken iwuh halalbihalal.Taping wis rong taun iki merga anane pageblug Pemda Banyuwangi sing bisa ngirim rombongan kesenian nyang Jakarta. Alae pihak Anjungan Jawa Timur wis nyedhiyani gamelan Banyuwangi kanggo acara iku.
"Seperene gamelane wutuh hing tau diuthik, dienggo gendhingan hang sak majade. Makene hing nggotong-gotong barang abot teka Banyuwangi. Umpamane masarakat arep nganggo gamelane iki dienggo latihan ya ulih bain," jare kepala Anjungan Jatim Pak Samad Widodo nganggo basa Indonesia ring pentas Pagelaran Musik Angklung Banyuwangi dina Sabtu 25 Desember sore. Acarane ya disiyaraken kelawan live ring youtube. Masiya wis ana pementasan, TMII tetep nerapaken prokes sakat teka ngarep lawang kori kelawan aplikasi PeduliLindungi.
"Larase Isun sing paham taping nggawene diwani referensi ambi STKW lan perajin gamelan Banyuwangi," tambah pak Samad.
Pentas acara kesenian Banyuwangi iku disuguhaken ring komunitas Selaras Gotong Royong lan Sanggar Sekar Arum pimpinane Haji Sugiman hang uga Ketua Ikawangi Korwil Jakarta Timur. Sekar Arum tampil kawitan ring TMII. Sore iku sak liyane tim tari hang nggawa tari Jejer Gandrung, penonton disuguhi gendhing-gendhing Banyuwangi hang digawa artis Sekar Arum kayata Layla Juminten, Feby Septiasa, Vitas Sayo, Heri Purwanto, Jamil Segara hang ngerangkep dadi MC. Sekar Arum uga husus nekakaken penyanyi Banyuwangi Reny Farida hang nggawakaken gendhinge hang anyar Dulur Isun. Gendhing Dulur Isun iki ya buru isuke diunggah ring youtube lan hing sampek sedina sewengi wis dideleng 3.800 wong.
"Taun iki Kabupaten Banyuwangi hing bisa teka ring Jakarta, taping kangene ati wis bisa ditambani (kelawan) anane Sekar Arum hang bisa tampil dina iki," jare pak Samad.
Seperene Anjungan Jatim kadhung ana pentas tari akeh-akehe nganggo iringan kaset. Mengarepe arep ngejak Sekar Arum kanggo nampilaken kesenian Banyuwangi. "Banyuwangi gendhinge ampuh lan enerjik, lan musike tradhisi etnik," jare pak Samad. Tepak pidhatone iku, pak Samad uga ngomong gok Anjungan Jatim ngeluncuraken aplikasi digital "AdaJatim."
Pentas sore iku ditekani rombongan wong-wong hang teka Ikawangi sak Jabodetabek, kayata Ikawangi Tangerang Raya, Tangerang Selatan, Bekasi, Jakarta Selatan, Depok, Bogor, lan liyane.
Ring pidhatone, Ketua Komunitas Selaras Gotong Royong (Segoro) pak Sugiman nyatakaken gok komunitase iki hing mung nduwe wigati nong seni budaya taping uga ring kegiyatan sosial, kayata perduli nyang korban bencana banjir lan kebakaran ring Jakarta.
Sedurunge tampil dhewek-dhewek para artis nyanyekaken gendhing Umbul-Umbul Belambangan. Aju metu gendhing-gendhing liyane kayata Impen-impenen, Kanggo Rika, Kelangan, Bantalan Tangane, lan Pethetan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







