Kelemben lan Opak Gulung, Jajan Lebaran Jaman Bengen

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 07 Maret 2026 07:21 WIB)
- Esai



Mungkasi ulan Pasa arep melebu nyang ulan Sawal mesthine dina Lebaran hang dianten-anteni. Dina hang gedhe kanggone wong Banyuwangi hang nguri-uri budaya angon silaturrahmi . Sing lali dina iku ngelakoni unjung-unjung nyang sanak kadang, dulur lan tangga. Mari salam-salaman mesthine bain aju  lungguh ambi niliki suguhan arupa kopat lepet lan jajan lebaran.

Jajan lebaran wis dadi pantes-pantese suguhan lan pethetan ring meja lan pelanca njero umah. Toples kuna gedhe-gedhe hang isine jajan bakaran lan madu mangsa kelar-kelir bungkuse dadi gambaran bungahe ati merga bisa nampa maning dina puwasa lan lebaran ana ring taun iki.

Hang ana ring meja lan pelanca kanggone wong Banyuwangi jaman bengen, jajane arupa jajan bakaran lan madu mangsa utawa jenang (dodol). Rupane jajan bakaran iki maneka rupa lan maneka warna. Pancene wong Banyuwangi iki wong hang kereatip sing mung nung pertanian lan kerajinan bain naming uga ring babakan panganan.

Wong Banyuwangi gawe jajan hang adonane teka gelepung beras, gelepung terigu, endhog gula pasir lan santen bain bisa dadi macem-macem olahane. Teka adonan iku mau bisa dadi kelemben, opak gulung (we rokok), opak lipat (opak gambir), mawaran, tegokan lan macem-macem maning arane jajan bakaran.

Hang paling garus teka toples lebaran mesthine hang aran opak gulung (we rokok) lan kelemben (bolu kering). Opak gulung didoyani lare-lare cilik, kelemben didoyane wong-wong tuwek. Embuh teka rasane hang manis lan renyah tah teka rupane hang mungker kayadene pupuse gedhang hang magih durung melecer, hang jelas dhayoh cilik-cilik mesthi rebutan nyang opak gulung (we rokok). Dhayoh tuwek doyanane kelemben. Jelase gediku mergane kelemben iki jajane empuk lan rasane manis cocog kanggone wong tuwek hang untune wis nora kuwat nyokot panganan atos.

Opak gulung sakteruse uga dikenal kelawan aran jajan we rokok. Apuwa diarani we rokok, mergane jajan iki rupane kaya rokok. Gedhene ya sak gedhene rokok dawane lan rupane ya meh padha ambi rokok. Jare Kandar wong Mabang Lor hang tukang olah jajan, we rokok iki asale teka aran kuwe lan rokok. Dadi kadhung digathukaken ku-we lan ro-kok dadine gathuk we-rokok.

We rokok lan kelemben hang dipajang nong toples ring wayah lebaran mesthi entek sulungan. Jajan iki manis, empuk lan renyah. Mesthi bain dipangan sulung para dhayoh paran maning dhayoh lare-lare cilik. Sing kalah pokoke ambi jajanan saiki hang arane stick paran maning egg-roll. Ilat using mesthi milih opak gulung lan kelemben. Rasane ya jangkep pisan, ana gurihe, lan ana uga manise. Lan maning hang aran renyahe iku mari-mari ngangeni.

Jajan-jajan bakaran iku ring Banyuwangi bengen anane mung ana ning wayah lebaran ulan sawal. Maklumana bain dulur, merga jaman bengen jaman susah, jaman perih bisane olah jajan mung setahun sepisan kadhung wayah lebarane arep teka. Naming jaman saiki jajan opak gulung wis ana sakwayah-wayah. Paran maning saiki Pusat Oleh-oleh jajanan using ring Banyuwangi wis nyepakaken ana ring sakwayah-wayah. Kayadene UMKM hang ana ring Desa Lemahbangdewo Kecamatan Rogojampi Banyuwangi hang dodolan jajan lebaranan kanggone wong-wong hang doyanan naming using kober tandang.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : dokumen pribadi

Editor: Antariksawan Jusuf