Kembang Cilung Logrok, Pertandha paran?
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 17 Desember 2024 12:20 WIB)
- Laporan
Masarakat Using jaman bengen ngelakoni uripe kelawan niteni paran bain hang ana ring sak ubengane, niteni kedadeyan lan dienget-enget kanggo ditularaken ilmune nyang anak putune.
Salah siji wong tuwek hang sugih pengetahuan bab titen-titene wong Using yaiku Kang Usik teka Dhukuh Talunjeruk, Glagah.
Wayah derem rendheng, udan cicir, ring dharatan, akeh hang bisa dititeni. Kembang Cilung padha logrok. Iku tandhane: "Uling padha kampih utawa metu teka elenge," jare Kang Usik hang uga mandhegani Kampung Osing Pelestari Adat Dhukuh Talunjeruk (KOPAT).
Hang dianteni lalare hang dhemen mancing uga merga iwak lele banyu padha metu teka eronge.
Akeh wit-witan hang padha cukul lan merujuk. Kayata wit gadhung. Taping woh bendha padha mbosoki. Wit kemiri padha ngembang lan wuni padha mucil, wadhung padha mupus.
Jajang padha mecungul ebunge, wit lerek padha mucil lan santen padha ngembang.
Dene tanduran pari lan jagung biyasahe diserang penyakit rantab lan sundep.
Kewan, manuk padha anak-anak.
Ring banyu segara iwak lujung lan kepithing padha minggir.
Jare Kang Usik tenger titen iku titi utawane niteni. Kang Usik njelentrehaken paran kang perlu dititeni kanggo tetenger ring anak keturunane para leluhur Using Belambangan Banyuwangi? Yaiku: kaping siji tetulane bumi, kaping loro ulan lintang serngenge lan mega, kaping telu kewan. "Mulane pangunen unene wong tuwek ana ukum kang tersurat lan tersirat yaiku tulis kang gemantung tanpa cantholan."
Masiya unene wong tuwek saiki wis akeh hang hing cocok ambi jamane merga alame ya wis uwah. Akeh titen-titen hang wis hing dienggo maning ambi generasi enom-enoman, merga lebih percaya nang teknologi anyar.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.








