Kembang Desa Alasmalang Njejegaken Tari Tradhisine

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Jumat, 14 Agustus 2020 07:51 WIB)
- Laporan



Katon rumang hang aran dusun Krajan Desa Alasmalang Kecamatan Singojuruh saben wayah dina Ahad. Lare-lare cilik wadon padha selempangan sampur nyincing seluwar komprange kumpul bareng ana ring ngarepan umah madhep ngidul. Manggon ana ring umah cilik hang wis sing ana pekakase, lare-lare iku mau ngadeg jejer diajari njuged ambi emboke hang aran Anggun Dwi Aprilia. Tabuhan hang muni teka mp3 nganggo sepeker cilik ngetutaken kegol bokonge lare-lare hang magih durung teteh jugedan.

Jejer Gandrung, Jakripah, Punjari, Kembang Pesisiran, lan liyan-liyane dadi pelajaran hang ana ring kono. Saben Ahad isuk sampek bedhug kabeh katon megiyet ana ring sanggar. Sithik-sithik taping kabeh jugedan emeh diajaraken kabeh. Lare cilik-cilik hang umur limang tahunan sampek hang umur nembelasan katon girang atine sinau jugedan ana ring kana ambi sing luput unyik apak-emake hang nunggoni ring njabane lawang.

Sakat tahun 2016 Anggun,  perawan ayu Alasmalang iki seru pathenge ngancani njuged adhik-adhik lan keponakane.  Kawitane mung jak lima bain hang milu ajar ring umahe. Tambah dina-tambah minggu tambah ulan tambah taun hang milu ajar saya akeh. Saiki wis ana kadhung lare 40 hang kecathet arane milu Sanggar Tari Sekar Tanjung.

Mengkirig jithok takere rungu aran Sekar Tanjung, merga sanggar iki wis kejuluk dadi panggonane panjak apik hang kesuwur nong Tabuhan Caruk sak Banyuwangi. Tekane Anggun ring tahun 2010 teka kutha Balikpapan milu mboro nyang bapake nduwe kerenteg njangkepi Sanggar Sekar Tanjung Alasmalang. Tahun 2016 dadi kawitane, iyane mangkat ngedegaken sanggare iki.

Mberebes mili mata iki sing kerasa ndeleng anane sanggar hang cilik, hang durung duwe paran-paran naming nduwe tekad gedhe kanggo nguripi kesenian dhaerah iki. Panggonane ya mung sakmajade bain, pekakas lan penganggo njuged ya magih durung duwe. Emane bain ana uwong Singojuruh hang gelem nyewakaken penganggo njuged hang murah kadhung sanggar iki ana tanggapan utawa milu nong kegiyatan desa.

Sanggar tari Sekar Tanjung mung manggon nong panggonan saknajade

Sanggar Tari Sekar Tanjung hang ana ring Dusun Krajan RT 06/01 Desa Alasmalang mula durung duwe prestasi paran-paran, naming tanggapan nong desa-desa sak ubengane Alasmalang ya wis tau dilakoni. Saben setaun sepisan ana ring adat Kebo-keboan lan Tujuhbelasan sanggar iki mesthi milu gelar. Sakliyane bisa dienggo nambah pengalamane anggota bisa uga milu cawe-cawe nyang kegiyatan desa.

Mula beda adoh ambi Sanggar Tabuh Sekar Tanjung hang wis kesuwur prestasine. Muga bain sanggar tarine bisa uga milu nyang urut terantanane Sanggar Tabuh Sekar Tanjung hang wis koncar-kancir menang ana ring lomba-lomba kabupaten.

wong tuweke lare-lare dhemen nyakseni anak-anake ajar njuget

Anggun hang lair tanggal 13 ring ulan April tahun 1997 iki duwe kekarepan kepingin sanggar iki bisa gedhe. Karepe nduwe panggonan hang pantes kanggo lare-lare latian, nduwe penganggo tarian makene sing bingung kadhung ana tanggapan utawa ngisi acara ring kegiyatan desa. Mergane sampek saiki-iki sanggar iki durung tau ulih bantuwan teka sapa-sapa.

Anggun hang uga anake ruwahe Wasono iki tambah gedhi tekade sakat ditinggal bapake mujur ngalor. Ruwahe Wasono mula wong hang kukuh nyekel weluri sembah buyute. Wasono hang magih uripe bengen nyekel Sanggar Tabuh Sekar Tanjung Alasmalang iki sing leren-leren anggone nggupuhi anake kanggo njejegaken kesenian Banyuwangi ana ring desa Alasmalang kene. Emane magih ana ring kutha Balikpapan bengen emboke hang aran Nilam wis nyukupi pelajarane njuged Banyuwangian nyang iyane. Mesthine apake lare loro iki saiki bisa munyik kadhung weruh anak-anake wis bisa ubeg lan megiyet kaya hang diarepaken wong tuweke. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Desa

Editor: Antariksawan Jusuf