Kemiren lan Selametan Kampung (bagiyan 1 teka 2)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 10 Februari 2022 10:07 WIB)
- Laporan
Tumpeng Sewu ring desa Kemiren kecamatan Glagah setemene ritual hang bengen dilakoni wong-wong desa kanggo upacara bersih desa.
Wong Kemiren iku akehe ana 1100 Kepala Keluarga. Bibit perkawite wong-wong teka Cungking hang ngungsi golet panggonan anyar lan ketemu alas hang akeh wit kemiri. Mangkane aju diarani Kemirian utawa Kemiren.
Jare Ketua Adat Kemiren, Pak Suhaimi, wong bengen ngarani desane sak kenenge. Desa Gedangan merga panggonane akeh gedhang, Jambean merga bengene alas jambe, Taman Suruh merga akeh suruhe. Semono uga Kemiren merga bengene alas kemiri. Kadhung ana hang ngomong teka aran Kemiri, duren lan aren, wong iku hing ngerti sejarah.
Duren iku tanaman rakyat hang ditandur ring masarakat lan aren kadhung wong Using iku artine tatakane wong mangan. Nganggo tatakan godhong ya aren godhong, tatakan bathok ya aren bathok lan sepiturute, jare Kang Imik.
Merga akehe wit kemiri iki panganan has Kemiren nganggo godhong lan uwohe kemiri. "Godhonge dienggo tape buntut lan uwoh kemirine dienggo ragi pecel pitik," tambah Kang Imik.
Jaman bengen wong Cungking mbabat alas ring kono nduwe nadar, kadhung mbisuke kebonane ana asile arep diselameti pecel pitik. Sak uwise asil temenan, saben taun diselameti, arane "Nyelameti Kebonan."
Ring kebonan kono biyasahe wong Kemiren nandur kopi dienggo kebutuhane dhewek, hing sampek dienggo ngadol. Dadi masiya hing ana kebonan kopine magih bisa nggawe kopi 10.000 cingkir. Cingkire iki ulihe warisan teka wong tuweke. Sak keluwarga bisa nduwe rong lusin bain wis lebih 10.000. Paran maning saiki ana produk kopi gawenan Kemiren hang mereke Jaran Goyang hang njuwut kopi mentake ring Gombeng utawa Licin. Bengene hing tau tuku merga nandur kopi dhewek, dienggo kebutuhane dhewek, hing sampek diedol. Ngundhuh, mepe, mbebeg dhewek kanggo kebutuhane dhewek.
"Tiyang Kemiren niku kadhung nyukani napa-napa teng anake, kelawan wekas "Parotana hang apik makene nggadug nang anakira."
Dadi cingkir, sarung batik paran iku hing dienggo ring anake taping disimpen. Tapihe disimpen nong toples eropa hang biyasahe ya ulihe warisan.
Balik maning ring Nyelameti Kebonan. Suwine suwi kebonane entek dadi kampung hang ana saiki "Selametan Kampung."
"Taun 2008 diganti Tumpeng Sewu lan dilebokaken ring Banyuwangi Festival taun 2010. Bengene selametane ring ngarepe umahe dhewek-dhewek. Aju saiki mingser ring pinggir lurung." (Ana sambungane).
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara Pak Suhaimi
Editor: Hani Z. Noor






