Kemiren lan Selametan Kampung (bagiyan 2 entek)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 18 Februari 2022 10:06 WIB)
- Laporan
Tumpeng Sewu ring desa Kemiren Glagah dilakoni merga asale teka Selametan Kampung, Bersih Desa hang maune maning teka ritual Nyelameti Kebonan. Bengene hang mbabat alas Kemiren duwe nadar, kadhung kebonane apik, ngasilaken, arep diselameti ambi pecel pitik.
Sakat taun 2008 arane dadi Tumpeng Sewu merga melebu ring Banyuwangi Festival.
Dadi umpamane hing melebu Banyuwangi Festival maning, Selametan Desane kudu tetep ana, jare Ketua Adat Kemiren Pak Suhaimi.
"Umpamane disetop, masarakat protes," jare pak Suhaimik utawa Kang Imik. Bengen sedurunge nong pinggir lurung, selametane ana ring latare dhewek-dhewek saben tanggal 1 ulan Haji. Kadhung sak tumpeng iku bisa dienggo wong lima, kadhung ana dhayoh 30 ya kudu enem tumpeng hang disedhiyani. Bengene tumpeng iku dipangan dhewek, taping kadhung ana kanca utawa wong liwat diampiraken kanggo milu mangan bareng.
Kadhung sedurunge maning Bersih Desa iku wayahe kepala desa narik "Pancen". Masarakat dipipil (diwani undangan) ambi nggawa picis hang diarani Narik Pancen iku mau. "Masarakat merika mbeta yatra kangge kepala desa. Intine kepala desa nduwe hajatan selametan. Masarakat ngewani Pancen, diwani neda, wangsul empun." Hang pungkasan, sak engete Kang Imik, Pancene iku gedhine 500 rupiah.
Dene ring panggonane kepala desa tepak dina iku dianakaken ritual Macaan Lontar Yusup sewengi njampleng. Taping kegiyatan iki wis hing ana maning sakat taun 1980an.
Bengene hang mbabat alas iku wong-wong teka Cungking. Hang dadi kepala desa kawitan (bengen arane Petinggi) yaiku pak Walik sakat taun 1857. Aju taun 1902 ana pak Kartodarmo. Kepala desa hang kepindho iki ana surat pelantikane, magih nganggo basa Landa, disimpen sampek seperene. Hang ngelantik yaiku Residen Landa hang jumeneng ana ring Bondowoso.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







