Kenthus: Dagelan Uga Bisa Susah ring Mangsa Covid-19

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 18 Mei 2020 10:12 WIB)
- Laporan



Wis jangkep rong ulan iki covid-19 nggawe para seniman ring Banyuwangi sing bisa tanggapan. Sing bisa tanggapan artine sing bisa nguweni asil. Asile arupa picis hang bisa dienggo kebutuhane urip saban dina. Kelendi arep nguweni asil, sembarang kegiyatan hang kumpul-kumpul wong akeh diaruh-aruhi, merga iku bisa nggawe penyebaran virus corona iki saya ndadi. Paran maning sakat ana PSBB (Pembatasan Sosial Berskala Besar) dianggaraken nyang pemerintah.

Kenthus, salah sijine seniman Banyuwangi hang uga ewer-ewer kesuwur iki mung bisa meneng ring umah sing bisa melaku tanggapan kaya biyasahe. Saiki iki belas babar pisan, sing ana pengasilan teka kesenian. "Kegiyatanisun ya meneng bain ring umah miloni aturane pemerintah makene gelis mari masa PSBB (Pembatasan Sosial berskala Besar) iki," gediku abane Kenthus nguweni keterangan nyang belambangan.com.

Bengen sak durunge ana covid-19 iki pengasilane kadhung nepaki rame, bisa ulih sepuluh juta sak ulane. Maklum bain Kenthus iki pelawak hang saiki iki tepak garus-garuse, sewengi iyane bisa ambal ping telu main ana ring pentas, gediku jare Kenthus hang manggon ana ring Perumahan Sobo Asri 1 Banyuwangi iki.

"Saiki wayahe urip susah Kang. Dagelan uga bisa susah. Endanetah wis arep Sun duduh-duduhaken gok Isun susah. Dhasare iki dagelan masiya Isun iki susah ya susahisun sing ulih sampek katon nyang wong liya.  Paran maning arep ngadhepi Lebaran lan ngadhepi Tahun Ajaran Baru,  anak padha arep kuliyah, kabeh butuh picis kanggo iku. Ya untunge bain urip hang kaya gediki iki sing Isun alami dhewek. Kabeh uwong ngerasakaken urip hang gediki iki. Mula iku Isun sing leren njaluk muga-muga gancange uwal pagebluk iki," ujare Kenthus nerusaken keterangane.

Untunge maning PSBB iki ana ring ulan Puwasa dadi kanggonisun  sing kariya abot kikire, mergane angger wayah ulan Puwasa kegiyatanisun iki ya perei. Kegiyatanisun dhung bengi saiki ya nggarap gendhing lan ngaransemen gendhing-gendhinge kanca. Kala-kala isun bisa  nulis lagu. Iku kabeh bisa lebih tenang merga sing kegudha kegiyatan liya, jare Kenthus.

Sun jaluk  nyang kanca-kanca seniman ayo padha naati aturane teka pemerintah iki, makene gelis mari pagebluk iki. Pemerintah wis duwe program Pra Kerja hang bisa nulung masiya jare mung sithik.

Program Pra Kerja iki uga bisa nambahi kompetensine para seniman, merga ring kana ana pendidikan lan pelatihane. Itung-itung awak dhewek iki bisa sinau dienggo ningkataken kompetensi awak dhewek ring bidange dhewek-dhewek.

Kanggo kanca-kanca hang kerepotan ring masalah Pra Kerja iki iyane sanggup nulung  makne bisa lancar anggone miloni Program Prakerja. Isun gelem diajak musyawarah lan rembugan ring masalah iki. Iki program hang apik kanggonisun,  merga bisa ndadekaken awak dhewek tambah terampil lan tambah kreatif ring bidhange awak dhewek yaiku bidang kesenian, gediku Kenthus hang uga dadi salah sijine anggota Pelus (Pelawak Using) Banyuwangi

Muga-muga bain pagebluk corona iki gelis uwal lan oncat teka bumi iki, makne penguripan iki gancang balik maning kaya asal, Kenthus mungkasi keterangane.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Desa

Editor: Moh. Syaiful