Kik Timbul, Gasakan Baholanrika bakal dirandhu wong sak
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Minggu, 11 Mei 2025 07:12 WIB)
- Laporan
Dina iki Kik Timbul bahola gandrung Banyuwangi ninggal donya. Geblake ana ring Dusun Gebang Desa Singojuruh Kecamatan Singojuruh, 10 Mei 2025 lan dikubur uga ring kana. Kik Timbul mula sing kesuwur kaya gandrung-gandrung lan pemaju-pemaju gandrung kayadene Gandrung Temu, Gandrung Holipah, Gandrung Muda’iyah, lan gandrung-gandrung liyane. Naming anane pemain bahola mesthine kudu merga gandrung sing bisa mangkat njuged kadhung durung ana pemain baholane.
Hang aran penabuh utawa tukang tabuh ring gandrung Banyuwangi sakat bengen sampek saiki mesthi manggon ana ring mburi. Hang ana ring ngarep mesthine penabuhe utawa tukang kudang keluncing utawa pengudang. Dene penabuh ring Banyuwangi selawase manggon ana ring mburitan. Arane bain panjak embuh iku tukang kendhang, tukang bahola, tukang kempul tukang gong, pokoke manggon ring mburi lan ana ring ngingsor. Mung gandrunge lan keluncing bain hang manggon ana ring ngarep lan ulih ngadeg, sakliyane iku ya sing ulih.
Miturut M. Ikwan tukang keluncing teka Banje, Kik Timbul wis nyandhang warang sakat suwe. Hang disambataken ana ring ambekane. Sing salah akeh-akehe penabuh gandrung duwe penyakit gedigi. Naming Kik Timbul kelebu panjak gandrung hang kuwat nyandhang warang. Ring umur hang wis lebih teka 80 taun iyane uga magih bisa nggasak bahola. Maklum bain panjak gandrung bengen enak uripe ring genjot, sembarang-barang ana lan dianakaken kelebu omben lan rokok. Tapi yaiku serta wis tuwek bisa nggawe penyakit, gedigu M. Ikwan nambahi keterangane.
Gasakane bahola kelebu gasakan alus merga Kik Timbul ajeg ana ring saben pementasan gandrung. Wis akeh gandrung hang wis dipiloni sakat bengen. Serta wis tuwek iki bain Kik Timbul mung main bahola ring acara-acara husus bain.
Mula sing gampang golet pemain bahola hang temenan bisa deles gasakan baholane. Sakusinge kaya Kik Timbul sing mung eluk lan cengkoke nyang gendhing Using naming uga rasa unine nyang njero ati.
Ceritane Devi hang lair ring Desa Mangir Rogojampi, 4 Maret 1995 iki kelebu putu wadone Kik Timbul. Devi Sindhen Using iki ngakoni gok iyane akeh ulih ajaran gendhing lan cengkok gandrung teka anang kesayangane iki.
Sing salah kadhung Devi hang magih putune tukang bahola Banyuwangi Kik Timbul iki bisa diarani sindhen Banyuwangi ring dina ngarep. Getih-turune Kik Timbul nyatane wis diturunaken nyang Mbok Devi teka anange.
Pungkase, muga jembar kubure, disepura dosane lan diterima amal-amale. Masiya sing akeh seru kiprah rika ana ring gandrung Banyuwangi naming gasakan baholanrika lan tanek silahrika ambi nggasak bahola mesthi bakal dirandhu sapa bain hang dhemen gandrung Banyuwangi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : dokumen pribadi
Editor: Antariksawan Jusuf







