KKN Mahasiswa STKW ring Akademi Lalare Orkestra Banyuwangi

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Selasa, 15 Februari 2022 08:27 WIB)
- Laporan



Kelendi dadine kadhung Sekolah Tinggi Kesenian Wilwatikta (STKW) Surabaya nganakaken Kuliah Kerja Nyata ring Banyuwangi?

Bengi iku manggon ana ring kampus KLLC Banyuwangi Jl. Agus Salim No. 31A, mahasiswa STKW hang nganakaken KKN ring Akademi Lalare Orkestra Banyuwangi nggelar gendhing tetabuhan hang dibarengaken ambi jejugetan. Tontonane nduduhaken dhung gelaran iki garapan bareng antarane mahasiswa STKW Surabaya lan Akademi Lalare Orkestra Banyuwangi.

Ana dhung sakulan lawase mahasiswa STKW Surabaya hang akehe wong papat iki ngelakoni tugas kemahasiswaane kanggo bakti nyang masarakat. Wujud nyatane hang dilakoni arupa nganakaken workshop; Manajemen Pertunjukan, Recording, Teknik Bermain Gamelan, Pengenalan Notasi Kepatihan, lan dipungkasi Pergelaran Karya nyang Lalare Orkestra Banyuwangi hang akehe 24 lare iki.

Soumi Aulia Alhaqqi hang dadi koodinatore mahasiswa KKN STKW Surabaya ring Banyuwangi iki nyatakaken ucap terima hang gedhi nyang Yayasan KLLC lan Akademi Lalare Orkestra serehne iyane lan sak kancane bisa diterima lan bisa sampek mungkasi tugas KKN ana ring Banyuwangi. Paran maning bengi iku bisa nggelar karyane Lalare Orkestra hang wis digula wentah ana ring sakulan lebih.

Hasan Basri hang dadi direkture Akademi Lalare Orkestra Banyuwangi uga ngucap terima nyang STKW Surabaya merga wis mercayakaken mahasiswane kanggo KKN ana ring Akademi Lalare Orkestra Banyuwangi. Hasan Basri hang uga Ketua DKB (Dewan Kesenian Blambangan) iki ngarepaken anane megiyet bareng ambi STKW Surabaya iki sing mung cukup sampek sakmene, naming bisa diterusaken ring kesempatan-kesempatan liyane.

Bengi iku uga, sakliyane mahasiswa hang KKN iki ngucap pamit nyang pengurus lan lalare, mahasiswa hang KKN diwakili ambi koordinatore nguweni kenang-kenangan nyang Akademi Lalare Orkestra Banyuwangi arupa sertifikat hang diterima Yon’s DD hang dadi wakile Akademi Lalare Orkestra Banyuwangi.

Ring pungkase, Lalare nggelar “Mapag Tamu” arupa tata tabuh, gendhing lan jugetan hang ditata bareng ambi Mahasiswa KKN STKW Surabaya sakat ana ring tanggal 28 Januari sampek pungkas uni bengi ring tanggal 14 Pebruari 2022.

Sing akeh hang teka ana ring kono merga iki ya magih ring mangsa pageblug. Sakliyane Mahasiswa KKN hang akehe papat antarane bain Soumi Aulia Alhaqqi, Ahmat Aliapi, Putri Rahmawati, lan Farid Uzair Kurniawan, ana uga kabeh pengurus Akademi Lalare Orkestra Banyuwangi, lan mahasiswa STKW Surabaya hang asal Banyuwangi uga nekani kegiyatan iki. Sing luput mesti bain kabeh wali Akademia Lalare Orkestra Banyuwangi hang wis ndukung temenanan nyang kegiyatan iki sakat kawitane.

Heni, salah sijine wali Akademia nyatakaken seru dhemene nyang kegiyatan iki merga bisa nguweni pengalaman penting kanggo anake hang milu ana ring Kampus Akademi Lalare Orkestra. Kelawan kegiyatan iki sak sing-singe wis bisa ngedohaken anak-anake teka gadget hang wis kaya-kaya sing bisa dipisah ambi anake ring saban dinane. Muga-muga kegiyatan iki sing mandheg sakmene bain, naming magih bisa ana terusane lan ana terusane maning, gediku wali akademia iki nyatakaken nyang repoter belambangan.com

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Anyar

Editor: Antariksawan Jusuf