Kolaborasi Pemda Banyuwangi-Ikawangi Diarep-arep Mbisuke

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 19 Maret 2022 13:37 WIB)
- Laporan



Bupati Banyuwangi Ibu Fiestiandani ngarepaken kolaborasi acara ambi Ikawangi bisa dianakaken ring taun-taun mengarepe.
"Sun karepaken kegiyatan kaya gedigi bisa dianakaken mbisuk-bisuke maning," jare bupati Ipuk nong ngarepe wong-wong hang buru mulih teka mancat sepidhah teka bandara Banyuwangi ring Rogojampi nang Pendopo Sabha Swagata Blambangan.
   Ikawangi Cycling Nusantara (ICN), minangka salah siji ring antarane 99 Banyuwangi Festival 2022, dipiloni 694 wong hang daptar kelawan asal 151 teka Ikawangi lan 543 teka pirangane komunitas sepidhah teka Banyuwangi kayata Beling, Berko, Kosti,  PP Polri, Tawangalaun lan liya-liyane.
"Festival iki uga minangka wadhah nduduhaken nang wong sak donya gok masarakat Banyuwangi iku guyub lan nduweni wigati nang wong liya. Muga-muga kekarepan kene kabeh iki bisa murub ring acara kanggo mengeti dina dadine Ikawangi hang kaping 50," jare bupati Ipuk.
   "Wis diweruhi gok anggaran dhaerah iki ana watese. Kene ngucapaken terima hang gedhi merga sinergi lan gotong royong ambi Ikawangi tanah kelairan Banyuwangi bisa saya apik."
   Paran maning Banyuwangi Festival rong taun iki hing ana, pungkasan Tour de Ijen bain taun 2019.
"Wekasisun Banyuwangi Festival hing mung dienggo jinja-jinja seneng-seneng bain taping kudu ana unsur edukasi, ekonomi hang saya apik, ekologi lan njaga dhaerah makene saya lestari."
   Masiya keneng pageblug, taping Banyuwangi nduduhaken kemajuan hang nyenengaken. Peningkatan kemiskinan salah siji hang paling ngingsor. Pertumbuhan ekonomi hang mudhun dadi minus 3,58 persen ring taun 2020 taping taun 2021 munggah dadi 4,08 persen.
   Acara mancate dikawiti teka Bandara Blimbingsari ngeliwati Sukojati. Ring kene Ikawangi ngelungaken bantuwan kanggo Bedah Rumah ring limang uwong lan santunan kanggo 10 lare atim. Santunan lare atim iki setemene akehe 50 lare padha ambi akehe taun dina dadine Ikawangi. Sak dawane dalan ring ngarepe balai desa Sukojati, lalare cilik ngunekaken drumband lan ngibaraken bendera. Sak teruse teka ring pos ngaso ring ngarepe Taman Makam Pahlawan, ana kirab artis Fitri Karlina nunggang jip hang disetiri lare Ikawangi Amerika Sulih Budi hang asale teka Pesanggaran, kebeneran tepak mulih kampung.
   Serta arak-arakan nggadug ring Jalan Dokter Sutomo disambut lalare cilik nganggo penganggo hang padha ambi wong hang mancat taping nganggo omprog gandrung lan nganggo sampur abang. Wong-wong hang sepidhahan padha kaju ndeleng lalare hang dhirik njuged gandrung.
Dene hadhiyah lawange (door prize) yaiku sepidhah montor Vario 160 keneng ring pak Imam hang teka komunitas Beling, Genteng.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor