Komunitas Etalase Banyuwangi Ngedum Sembako Kanggo Korban Terdampak Corona
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Kamis, 02 April 2020 08:42 WIB)
- Laporan
Pageblug virus corona, utawa Covid-19, dudu mung ngelumpuhakaen masalah kesehatan, naming ana akibat ekonomi kang dirasaken. Utamane dirasakaken ambi dulur-dulur ngisor, hang penghasilane dinaan lan sing mugen. Pran maning serta ana kebijakane Pemerintah Social Distancing, utawa njaga jarak, ngurangi serawungan lan sing ulih kerep metu teka umah kadhung sing ana perlune temenanan.
"Serta ana kebijakan Social Distancing teka pemerintah, akeh dulur-dulur hang megawene dinaan lan kadhang sing mugen pengasilane, langsung njeglek pengahasilan. Malah ana hang mulih sing nggawa picis, kaya tukang becak lan sopir taksi, uga ojek online. Iki merga, kabeh sepi ring dalan-dalan, akeh uga perusahaan lan toko kang padha tutup, mesthi bain hang nggantungaken uripe teka kono sakkal kelimpungan. Mula teka iku, kanca-kanca Komunitase Etalase Banyuwangi aju nduwe penemu, kelendi carane bisa mbantu dulur-dulur hang kurang mau", ujare Novian Dharma Putra, Ketua Komunitas Etalase Banyuwangi.
Komunitas Etalase Banyuwangi, kumpulane lare enom hang duwe kawigaten nyang nasibe dulur-dulur hang hing pati enak uripe. Iyane megawe bareng ambi Muspica Kecamatan Kota Banyuwangi, kanggo njuwut peran hang sing bisa lan durung ditangani pemerintah. "Alhamdulillah, akeh dermawan lan donatur hang gelem diajak milu cawe-cawe nulung dulur-dulur terdampak pagebluk corona. Etalase sekretariate bareng ambi Satgas Covid-19, kabeh bantuan arupa barang kebutuhan sedina-dina dikumpulaken ring kono", jare Novian hang aktivis Enterproneur ring Banyuwangi iki.
Saben dina marek asyar, Komunitas Etalase keliling kelurahan sak kecamatan Kota, sak perlu nyalurakden bantuan mau. Tukang Becak, Sopir Taksi, Sopir Angkutan, Ojek Online, Tukang Jaga Kantin Sekolah lan liya-liyane hang sing bisa megawe, kabeh dadi kawigatene. "Isun sak kanca mesti koordinasi ambi PKK keluruhan, kanggo meruhi sapa bain hang perlu dibantu. Kelawan cara gedigi, bantuan bisa tepak sasaran lan sing bisa numpuk nang siji uwong. Koordinasi iki, uga bisa meruhi paran bain hang dibutuhaken warga terdampak", tambah Novian hang uga duwe usaha Cafe Moca iki.
Antarane Komunitas Etalase ambi Satgas Covid-19 tingkat Kecamatan Kota, ibarat tumbu ulih tutup. Klop, cocog lan padha ngisine panggonan hang kosong. Sak liyane milu ngedum sembako, mesisan ambi sosialisi nyang masyarakat ngisor masalah kahanan pungkasan pageblug corona iki. "Alhamdulillah, ambi anane adhik-adhik teka Etalase Banyuwangi, tugas Satgas bisa fokus nyang medis lan penanggulangane. Kadhung ana masalah terdampak, sithik akeh wis bisa diatasi ambi lare Etalase. Isun mongkog iku, serta weruh tanggapane pengusaha lan UMKM hang padha guyub milu ndukung lan mbantu materi nyang dulur-dulur terdampak liwat Etalase", jare Mochammad Lutfi, Camat Kota Banyuwangi hang uga dadi Pembina Komunitas Etalase Banyuwangi.
Wayah ditakoni sampek kapan Edum-Edum Sembako iki dipungkasi, Mochmad Lutfi nyang www.belambangan.com ngaku sampek sudane pageblug corona lan dhaerah bener-bener dinyatakakenn wis rijig teka virus corona. "Lare-lare terus ngedum angger dina, sak mareke Asar. Bantuan teka donatur lan pengusaha ya terus mili. Kabeh mau hang nerima Komunitas Etalase lan ana laporane dienggo paran bain, malah rekening hang diedum nyang para donatur uga atas nama pengurus Komunitas Etalase. Megawe bareng digi iki, bisa ngenakaken Satgas hang kudu fokus nyang masalah medis lan penanggulangane, nyediani fasilitas teka pemerintah", pungkas Lutfi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.








