Konsep Omprok Gandrung ring Jatim Park 4 Banyuwangi

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Rabu, 04 Agustus 2021 11:22 WIB)
- Laporan



Masiya mangsa pageblug durung weruh uncale kapan, magih akeh wong hang nduwe pengarepan gedhe kelawan ubret mbangun papan jujugan kelenceran ring Banyuwangi. Contone kaya taman wisata (theme park) hang diarani Jatim Park 4 Banyuwangi hang manggon ana ring pinggir lurung gedhe ring Dadapan kecamatan Kabat, percis ana ring kidule hotel El Royal lan ngarepe hotel Kokoon. Panggonan iki kelebu seterategis merga gampang dicaruki paran maning ring lawang korine iku digawe kaya omprok gedhi hang gampang ditengeri. Paran maksude nganggo gandrung ring kene?

Syamsul, Art director hang dipercaya Jatim Park Grup nggarap desain lan rancangan wahana iki, nyatakaken konsep bangunan lan arsitekture wahana iki netepi gaya teka Jatim Park yaiku kelawan kelir-kelir hang “ngejreng” minangka hang dadi ciri wancine wahana lan panggonan wisata naming sing ninggalaken teka ciri-wancine kesenian Banyuwangi, yaiku omprok. Motip hias lan rancangane milu nyang setting kerajaan Belambangan kuna.

Kayadene Gapurane hang arupa omprok gandrung gedhe dipilih merga iki hang bisa dadi icon Banyuwangi hang husus. Sakliyane omprok gandrung hang gedhe hang dadi gapura iku engko ring njerone bakal ana miniatur candi hang nyonto candi hang ana ring Alas Purwo. Miniatur iki arep digawe ana ring kene dadi salah sijine wahana hang bisa nduduhaken nyang masarakat kadhung Jatim Park 4 Banyuwangi bisa dadi dokumentasi lan pengetahuan uga wawasan anggone pengunjung lan wong biyasah hang durung weruh anane Banyuwangi sampek kaya candi hang ana ring Alas Purwo kana iku.

Setemene panggon kelenceran hang kelebu nong jaringan taman hiburan nasional (Jatimpark Group, hang nduwe pirangane taman wisata ring Batu Malang) mbangun wahana taman wisata lan edutainment ring Kabupaten Banyuwangi sing daman-daman sampek nggeroh anggaran hang gedhene investasine sampek Rp. 150 miliar.

Anane wahana wisata taman wisata  ring Banyuwangi iki ndadekaken Banyuwangi tambah jejeg ulihe mbangun inopasi ring babakan wisata. Banyuwangi hang wis kesuwur ring kebudayaan lan adate ring negara manca saiki dadi tambah jangkep nganakaken sarana lan prasaranane ring bisnis wisata, paran maning serta ditambahi wahana wisata hang wis populer ana ring Jawa Timur iki.

Sing salah kirane kadhung Jatim Park grup nggawe wahana ana ring Banyuwangi hang tambah suwi tambah moncer ring iklim bisnis pariwisata lan wis kapara nyata dadi kabupaten paling maju ring pariwisata ring pungkas-pungkase mangsa sepuluh taun iki.

Syamsul hang teka Syamwong Art Malang iki uga nyatakaken kepingin gelis marekaken proyeke hang ana ring kene, naming kelendi maning magih ana bain alangan kayadene mangsa pandemi Covid-19 iki. Gapura iki wis mari sakteruse kari nerusaken njero bain, gediku jare Syamsul nguweni keterangan nyang belambangan.com serta ditakoni kapan marine proyek iki.

Katone masarakat Banyuwangi wis sing kanti gancang gageya mari proyek Jatim Park 4 Banyuwangi iki, gediku ucape salah sijine Youtuber Banyuwangi hang aran Putune Wong Banyuwangi nyang belambangan.com ring salah sijine komentar upload “Geliat Pembangunan Jatim Park 4 Banyuwangi” nong channel Youtube bwiful channel.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Anyar

Editor: Antariksawan Jusuf