Kontingen Banyuwangi Nomor Lima ring Porseni MI Jawa Timur
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 24 Februari 2022 10:09 WIB)
- Laporan
Masiya durung bisa melebu ring posisi tiga besar, kontingen Banyuwangi ring Porseni Madrasah Ibtidaiyah (MI) sak Jawa Timur wis nggawe prestasi hang apik.
"Posisine wis munggah dadi nomer lima. Juwara Umume Kediri aju Tulungagung, Blitar lan Jombang. Taping wis munggah timbang taun sedurunge mung posisi 10 besar," jare Aguk Wahyu Nurhadi hang milu ngelatih nyiyapaken lalare milu Lomba.
Porseni MI sak Jawa Timur 2022 dianakaken rong dina tanggal 21-22 Pebruari ring Kabupaten Tulungagung. Merga magih ana pageblug, Porsenine dianakaken kelawan miloni aturan protokol kesehatan. Hang milu upacara Penutupane ring lantai 2 aula kantor Dinas Kementrian Agama Tulungagung bain mung hang juwara 1, 2, 3. Dene juwara Harapan mung miloni kelawan njero kawat (daring). Malah sedurunge, panitiane bisa ulih idin teka pemerintah mung telung dina sedurunge acarane diangkati.
Aguk hang anake dadi juwara 3 Lomba Puisi Putra ngomong gok lalare kontingen Banyuwangi sedurunge wis digembleng ring panggon jujugan kelenceran Sendang Seruni Licin kanggo latihan bareng lan persiapan. Aguk dhewek minangka seniman sastra lan teater milu dadi instruktur kanggo latihan vokal, pernapasan, interpretasi lan ekspresi penampilan.
Banyuwangi dhewek mengarepe sanggup dadi tuan rumah, jare ketua Kelompok Kerja Guru MI hang uga ketua Kontingen Banyuwangi Zuhdiyanto.
Kontingen Banyuwangi dadi juwara 2 ring MTQ (Pi) atas nama Hafidhotus Shofiatil Maulida teka MI Miftahul Muubtadiin, Tahfidz (Pa) juwara 1 atas nama Arif Nabil Muhajir teka MI Salafiyah, Tahfidz (Pi) juwara Harapan 1 atas nama Najwa Akmalia Putri tek MI Da’watul Khoiriyah, Bahasa Indonesia (Pi) juwara Harapan 1 teka MI Islamiyah Rogojampi, atas nama Mohza Chira Medina, Pidato Bahasa Arab (Pi) juwara Harapan 1 atas nama Eky Naylatus Syafanah teka MI Bustanul Ulum Wongsorejo, Baca Puisi (Pi) juwara Harapan 2 atas nama Kanza Genio Alya teka MI Authorussalaf Kalipuro, Menyanyi Islami (Pa) juwara 1 atas nama Damar Adji Adyaksa teka MI Islamiyah Rogojampi, Baca Puisi (Pa) juwara 3 Istiqlal Syukri Ahmad teka MI Islamiyah Rogojampi. Sak Banyuwangi ana 38 Kabupaten lan kutha.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







