Kopat Lonthong Kanggo Petugas Medis Korona

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Senin, 01 Juni 2020 07:18 WIB)
- Laporan



Wayah pageblug Korona iki, pancen ana larangan metu teka umah miloni pelanggeran teka Pemerintah. Umume masarakat kumpul keluwarga ring umah, magih bisa ngelakoni lebaran masiya prei unjung-unjung. Panganan has wayah lebaran, uga magih bisa dirasakaken bareng keluwarga lan dulur parek. Panganan hang umume metu setahun sepisan iku, antarane Kupat Lonthong ambi kare pitik kaya biyasahe wong Banyuwangi.

Wayah wong biyasah ndekem ning umah, magih bisa ngerasakan panganan hang biyasahe dsdi suguhan  kanggo kangen-kangen ambi dulur. Acak damakena para petugas medis Korona hang ana ring rumah sakit, iyane mung bisa ngangen-angen mangan kopat kumpul ambi keluwarga lan dulur parek. Milu ngerasakaken hang disangga para petugas medis ring rumah sakit, Komunitas Etalase Banyuwangi lan Camat Kota Banyuwangi, bareng-bareng ngerangsum Kupat Lonthong komplit sak jangan kare pitik kanggo petugas medis.

"Iki wujude nunggal rasa nyang dulur-dulur petugas medis, merga iyane sak suwene pageblug iki akeh piket njaga pasien Covid-19. Aran ketemu lan ngelumpuk ambi keluwargane, wis dikalahaken ambi tugas lan tanggung jawab medis. Kelawan ngeteri Kopat Lonthong komplit iki, mane bisa nyurung lan ngurubi tekade, kadhung masarakat iku ngeregani lan nggatekaken nyang tugase sedina-dina. Mane sing rumangsa dhewekan, ambi njaga hang sing kenal wayah lan toh nyawa," gedigu ujare Novian, Ketua Komunitas Etalase Banyuwangi.

Kopat lonthong hang diateraken nyang petugas iku, ulihe urunan teka Relawan Etalase lan diolah dhewek. Donasi teka relawan mau, aju diedum nya petugas Pelayanan RSUD Blambangan ring IGD (Instalasi Gawat Darurat), sampek nyang panggonan petugas ruang isolasi Covid-19. Para petugas mau umume sing ngira, ana wigatine masarakat nyang panganan Kupat-Lonthong Jangan Kare hang biyasahe diolah wayah lebaran pitung dina.

Anggota Pemuda Etalase lan Camat Banyuwangi, diterima langsung ambi Bapak Inti Bawono teka RSUD Blambangan. Bawono ngucap kesuwun hang gedhe nyang Pemuda Etalase lan Camat Banyuwangi Kota, hang duwe kawigaten nyang tugas-tugas para medis wayah pageblug Covid-19 iki. "Isun sak kanca medis, tetep gedhe tekade, kanggo ngelayani pasien Covid-19. Ayo padha nguwataken tekad, nyegah Covid-19 antarane Pemerintah, masyarakat lan tenaga medis. Supaya Indonesia bener-bener njingkat teka Covid-19 iki," jare Bawono.

Ana salah sijine petugas medis wadon, ambi kegawa ngenes lan kerasa-rasa serta nerima pangan Kupat Lonthong lan jangan kare. Iyane sing ngira, temakaken magih bisa ngerasakaken panganan iku masiya sing bareng ambi keluwargane. "Alhamdulillah ana hang ngateri, pungkasane bisa ngerasaken Kopat Lonthong ambi Kare pitik masiya tepak tugas," gedigu ujare petugas medis wadon mau hang sing bisa nyengidakaken rasa senenge.

Camat Kota Banyuwangi, Moch. Lutfi nduwe karep terus nggatekaken nyang para medis, pasien lan masarakat terdampak Covid-19. Sak suwene sing ulih nyang endi-endi, petugas medis ya kudu njaga pasien hang sing weruh wayah, kudu dipareki. "Kelawan cara gedigi, petugas medis sing rumangsa dhewekan. Uwong-uwong ring njabane rumah sakit, magih akeh hang gati nyang tugas lan tanggung jawabe. Semono uga masarakat terdampak, kudu kerep dipareki mane sing mutung," jelase Lutfi.

Lutfi ambi Pemuda Etalase terus nggawe kegiyatan-kegiyatan sak suwene ana  ring pagblug mau, mau njuwut peran hang sing dilakoni wong liya. "Dana kanggo kupatan para medis mau ulihe urunan anggota Etalase. Engko kadhung ana dana bantuwan teka donatur lan dermawan, uga dirupakaken kegiyatan liyane kanggo ndukung program-program pemerintah ngusir pageblug Covid-19, ambi terus ngelakoni protokol resmi," gedigu pungkase Lutfi.


 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf