Koran Gedhi Masjid Agung Baiturrahman

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 06 Maret 2026 07:11 WIB)
- Laporan



Sakat anane Koran gedhi ring Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi taun 2010-an, sampek seperene kira-kira uwis gadug umur 16 tahun. Akeh media cetak lan elektronik hang ngunggah dadi berita ring medhiyane dhewek-dhewek. Sampek seperene ya magih akeh hang ngunggah ringb youtube.
   Naming selawase iki magih durung nemu cara, kelendi Koran iku bisa diwaca uwong akeh kelawan cara gentan-gentun teka jabane uwong masjid agung dhewek.
Bendhahara Yayasan Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi, Istupik, S.Com, nyampekaken kekarepane salah-sijine anggota jamaah yaiku, maderusan Koran gedhi iku mesthine bisa diwaca ambi masarakat kelawan gentan-gentun.
   “Ring wilayah Kec.Banyuwangi bain ana 18 kelurahan. Mesthine ring saben-saben kelurahane akeh uwong hang pinter maca Koran. Isun yakin sing mung lima sampek sepuluh uwong. Wakuweh. Kadhung dijadwal hang maderusan teka kelurahan kelebu uga sedhekah  jaminane dipasrahaken ring masarakat hang ulih giliran maderusan, mesthi geleme. Insaalloh taun ngarep bisa disungsun program hang kaya gedigu iku,” jare Kang Istupik, hang uga dadi Kepala Madratsah Aliyah Baiturrahman Islamic Center iku.
   “Paran-paran iku mula kudu digarap kelawan kereatip. Sing mung nerima perentah aju dilakokaken, utawa mung diwaca ambi uwong hang iku-iku bain. Sakat bengen gedigu thok. Nana pikirane nguwah bisa dadi lebih apik lan manpaat kanggo sapa bain. Isun yakin, akeh uwong hang kepingin bisa maderusan kanggo Koran raksasa. Kerana hang maca kaya-kaya uwis dipathok iku-iku bain, pungkasane uwong liya mung bisa lungguh ngerungokaken, rada suwi, ngadeg mulih wis. Isun yakin mulihe iku ambi nggawa rasa kepingin hang sing kewujud,” abane Pembina YMAB, Ir.Iwan Azis.
   Taun ngarep, muga dawa umur, Koran raksana ring Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi uwis nggadug umur 17 tahun. Cara menusa uwis wayahe ngedu, uwis wayahe golet dhemenan. Mula, Takmir lan sapa bain hang ngerumat Koran raksasa iku ya kudu cepak-cepak rencana. Sing mung bisa nyageraken kelawan ucap: Padhakena ambi hang kaya bengen-bengen bain wis. Lha hang gedigu iku nggarai mundur. Nana kemajuane. Merga paran, kerana kadhung hang maca iku-iku bain, hang bisa ya iku-iku bain lan hang iku-iku bain iku umure saya akeh wilangane, saya tuwek awake.  Mulane kudu gancang-gancang golet kadher kanggo nguri-uri maderusan Koran gedhi.

(kang ujik).

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf