Anggitane: Satria Pujangga
(Minggu, 24 Januari 2021 07:29 WIB)
Kuwadhe
Serngenge uwis emeh surup. Sunare hang setengah abang magih nyentor ring antarane mega soren. Elman ambi Imas magih lungguh keloron ring pinggirane ril sepur. Wis biyasahe angger soren Elman nyegat Imas mulih teka megawe. Sedurunge mulih, Imas nemoni Elman ring ril sakderma gesah masiya mung sedhela. Masiya saben dina kecaruk, mesthi bain ana hang digesahaken.
Elman mula duwe rasa welas nyang Imas sebalike Imas ya duwe rasa welas nyang Elman. Imas durung wani nampa welase Elman mergane iyane wis dijodhohaken ambi Hadi pilihane bapake. Saktemene Imas ya wis sirsiran ambi Hadi, naming antarane Imas ambi Hadi adoh-adohan lan arang kecaruk. Dadine perasaane Imas kaya sing duwe dhemenan. Sampik liya dina, Imas kenal ambi Elman.
“Man, sakat mabengi pikiranisun sing kakaruwan”.
“Apuwa, mula Sun sawang sakat mau Rika kaya wong bingung," abane Elman.
“Isun mara-mara mamang nyang perasaanisun,” suwarane rada abot.
“Mamang kelendi sih. Rika mamang apuwa?” Elman nyekel tangane Imas.
Imas meneng sing ana omonge maning. Matane nulih mega. Pikirane kaya ngelayung milu nang lakune mega. Elman repot tingkah nyawang Imas hang mara-mara sing ana suwarane. Iyane nyoba nggoleti kira-kira paran hang dipikiraken Imas. Paran endane hang dimamangaken Imas. Elman ya wis ngerti kadhung iyane sing bisa maksa Imas nampa welase. Mangkane Elman wis ngerasa cukup dadi kancane Imas bain.
“Heh, Rika iki apuwa Mas. Mara-mara meneng sing kathik ngomong," Elman nyendhel Imas hang lungguh dhempet ambi iyane.
“Eh, sing paran-paran Man," Imas mberejag aju temungkul.
“Ngomonga nyang Isun ana paran. Kadhung Rika magih nganggep Isun kanca, ayo ceritakena nyang Isun ana paran sakbenere.” Elman saya ndhempel nyang Imas.
“Rika yara weruh kadhung Isun wis dijodhokaken ambi Hadi ring wong tuwekisun?”
“Iya, marine apuwa?”
“Kisuk bengi wong tuweke Hadi arep njaluk Isun.”
“Ya Alhamdulillah, kudune Rika yara girang,” saure Elman tenang.
“Ya iya sih, taping embuh atinisun mara-mara mamang.” Imas ngadeg.
Elman ngadeg pisan nututi Imas hang melaku ring ring ril sepur. Sing kathik pamitan nyang Elman, Imas ndelodog bain ninggalaken Elman ring mburine. Elman magih sing paham ambi tingkahe Imas.
“Mas, sulung tah. Rika iku apuwa?” takone Elman ambi ngetutaken Imas.
“Isun sing paran-paran. Isun nak mulih wis. Kecaruk maning kisuk ya.”
Imas agage nyetater sepidhah montore ninggalaken Elman hang magih ngadeg ring ril sepur. Elman magih metenggengen nyawang Imas hang nunggang sepidhah montore. Serta Imas wis sing katon ring matane, aju Elman mulih pisan nyang umahe.
*******
Bengi iki, kaya biyasahe Elman kumpul ambi kancane ring pejagan. Atine biyasah bain masiya bengi iki Imas dilamar keluwargane Hadi. Masiya iyane dhemen nyang Imas, taping iyane ya ngerti kadhung sing mungkin arep nduweni Imas. Naming saktemene atine Elman ya kerasa kelangan. Sing kerasa iyane mangkat kantru-kantru. Matane nerawang ulan separo hang gemantung ring langit.
“Man aja pati metenggengen gedigu tah," Atim keplok ring ngarep matane Elman.
“Embuh lare iki, biyasahe lambene ngecopok sing ana tapsiyune,” saute Andik.
Elman mung munyik sedhilut bain aju meneng maning. Atine mangkat uyang. Sorot matane wis sing bisa nyengidakaken perasaan ring juru atine. Iyane dhemen, taping sing bisa ndhuweni. Apuwa iyane duwe welas nyang kembang hang wis dipuket wong liya. Bengi iku atine katon-katonen nyang Imas. Iyane ngerasakaken kelendi perasaane Imas kudu nyendhekaken welas atine nyang uwong hang sing dikarepaken.
Kanca-kancane ring pejagan magih rame memengan kartu remi. Kadhang suwara gemuyune lare hang ngakak nyawang kancane hang kupinge kebek jepitane kelambi. Elman kepaksa milu gemuyu kepingkel nggo nyengidakaken bingung atine teka kanca-kancane.
Banget-bangete lare rame ring pejagan, Mbok Yuli mara nyang pejagan. Iyane ya kepingkel weruh lare hang kupinge kebek jepitane kelambi. Mbok Yuli aju mara nyang Elman.
“Lik, ayo tah sedhilut milu Isun nyang umah," bisike Mbok Yuli.
“Ana paran Mbok, gok kari penting digu,” Elman mudhun teka pelanca pejagan.
“Iya, sing enak ngomong ring kene. Rahasia polane.”
Mbok Yuli ninggalaken pejagan, ring mburine Elman ngetutaken nyang umahe hang sing adoh teka pejagan panggonan lare-lare kumpul. Elman magih bingung, ana paran ndane Mbok Yuli kari penting sing kaya biyasahe.
“Lik, iki Isun ana titipan teka Imas kanggo Rika.” Mbok Yuli ngelungaken amplop putih ambi janur saklencer nyang Elman.
“Iki teka Imas Mbok?” Elman nyandhak amplop hang dielungaken Mbok Yuli.
“Isun mau diundang nyang umahe tepak lamaran. Jare ana hang arep dititipaken kanggo Rika. Temakena surat iki hang nak dititipaken nyang Isun.”
“Surat paran ndane yuh Imas iki, aleya meh saben dina kecaruk.” dibukak amplop surat ring tangane aju diwaca.
“Salam Welas”
Man, isun weruh kadhung Rika seru welase nyang isun, mesthine Rika ya ngerti kudu ngelakoni paran, kerana isun ya seru ngarepaken Rika. Aja suwe-suwe. Kadhung iya, janur saklencer iki kuthungen ring tengah. Kadhung janur iki kuthung berarti Rika wani murungaken janurisun hang arep melengkung, lan Isun milu Rika masiya paran kedadeyane.
Naming kadhung using, janur saklencer iki geningena wutuh. Kadhung janur hang Rika kirim wutuh, Isun ya wis kudu nerima, lan makene janur iki dadi kuwadhe. Artine Rika ihlas mapakaken Isun lungguh ring kuwadhe ambi wong liya. Sun anteni balesan Rika. Isun welas nyang Rika.
Wassalam “IMAS”
Mari diwaca, surat mau aju dilebokaken maning nyang jero amplope.
“Kelendi Lik?” takone Mbok Yuli.
“Rahasia Mbok.” saure Elman.
“Kari rahasia yuh.”
“Kisuk Isun titip balesan kanggo Imas ya Mbok.”
Elman pamit mulih nyang Mbok Yuli nggawa surat ring amplop ambi janur kuning hang saklencer mau. Turut dalan, Elman magih mikir nyang isine surat teka Imas. Iyane ngerti paran hang dikarepaken Imas nyang iyane.
Saiki Elman ngerasakaken perang batin antarane melayokaken Imas utawa ngihlasaken Imas disandhing wong liya. Kahanan iki mula kudu dipikir kelawan ati lan pikiran hang kening. Kadhung sing dipikir temenanan bisa ndadekaken salah dalan lan getun mburiyane. Suwe ulihe mikir lan nimbang-nimbang paran hang apik kanggo iyane lan Imas, Elman wis duwe keputusan. Elman njuwut kertas lan pulpen aju nulis surat balesan kanggo Imas.
“Salam sayang, Imas”
“Sedurunge, Isun terima hang gedhi, Rika ya duwe welas nyang Isun. Isun ya seru girange welasisun ana balese teka Rika. Sapa hang sing kepingin bisa urip bareng ambi Rika. Nyaktiya Rika lan Isun urip bareng, dhuh kari girang ati iki.
Imas, naming Isun ya njaluk sepurane hang gedhi pisan nyang Rika. Isun sing bisa nuruti kekarepanrika arep melayu ambi Isun. Sun pikir hang temenan, dudu dalan hang apik kadhung Rika Sun pelayokaken. Kadhung ngomong welas, Isun mula welas seru nyang Rika. Kadhung ngomong lara ati, atinisun ya tatu lan lara nyawang Rika disandhing wong liya. Naming Isun ya kudu ngarteni nyang perasaane keluwarganrika ambi Hadi.
Kadhung Rika sampik wurung nikah ambi Hadi, kelendi wirange keluwarganrika lan keluwargane Hadi. Lara ati keneng ditutupi lan ditambani, taping kadhung wirang sing keneng ditutupi lan disengidakaken. Munggane Rika ambi Hadi magih durung lamaran, ya beda maning ceritane.
Isun wis ihlas sing ana jodho ambi Rika. Wong wadon hang apik lan sholehah ya pantese ulih jodho wong lanang hang apik lan sholeh. Sapa tah Isun iki , lare hang durung karuwan juntrungane lan rumangsa magih durung apik. Adoh teka pantes kadhung disandhingaken ambi Rika. Sepisan maning, isun njaluk sepura hang gedhi nyang Rika.
Wassalam... Elman.
Mari nulis surat balesan iku, atine Elman wis bisa tenang. Kisuke surat ambi janur saklencer teka Imas ditipakeken maning nyang Mbok Yuli. Elman wis bener-bener ngihlasaken Imas nikah ambi Hadi. Rasa welase nyang Imas wis dikelekaken nyang banyu hang kening. Masiya sing bisa nyandhing, sak usinge welase ana balese.
********
Sing kerasa wis sak ulan Imas ambi Hadi mari lamaran. Saiki wis ulan Agustus, mesthine bain ring ulan iki Imas ambi Hadi munggah kawin. Isuk iku, Elman siyap-siyap arep melaku megawe. Seragam lan sepatune wis dienggo. Mari pamitan nyang emake, Elman melaku nyang pegaweyane. Buru metu teka lawang, ring ngarep umahe ana Mbok Yuli mapag Elman.
“Lik, iki Isun arep ngateraken ulem-ulem nyang Rika.”
“Ulem-ulem teka sapa Mbok?” Elman nampani ulem-ulem hang dielungaken Mbok Yuli.
“Teka Imas," Mbok Yuli langsung melaku pisan nyang pegaweyane.
Ulem-ulem teka Imas dilebokaken nyang tase. Elman nunggang sepidhah montor nyang kantore. Gadug kantor, mari nguripi laptope, Elman mbukak surat hang dijuwut teka jero tase. Ring ulem-ulem iku ketulis arane Imas ambi Hadi. Nikah Tanggal 20 Agustus 2006. Elman mesem, aju dilebokaken maning ulem-uleme nyang jero tase. Elman nyandhak laptope mangkat megawe.
Tanggal 19 Agustus, ring umahe Imas wis rame. Wong-wong padha ibuk nyiyapaken dina kemantenane Imas. Ring ngarepan, lare nom-noman padha ngiyas terob lan ana hang nggawe kuwadhe. Ring bengi iku, Elman ya teka nyang umahe Imas. Iyane mula nyeja teka arep nulungi lare-lare hang nggawe kuwadhe kanggo kemantene Imas. Elman ya wis kenal raket ambi lare nom-noman tanggane Imas hang nggawe kuwadhe.
Weruh Elman, Imas mara nyang lare hang nggawe kuwadhe aju nyapa Elman.
“Terima yah, Rika gelem nggawekaken kuwadhenisun," abane Imas edheng.
“Eh, pengantene aja merene roh, gulakane engko penganten lanange cupar,” Elman nggeridho.
“Makene wis cupar. Kadhung cupar Isun nak melayu bain ambi Rika," saure Imas sak temune ambi ninggalaken Elman hang nggawe kuwadhene iyane.
Minggu 20 Agustus 2006, Imas ambi Hadi wis akad nikah. Wong loro wis sah dadi laki rabi. Bengi iku akeh dhayoh hang nekani ring kemantenane Imas. Kanca-kancane Imas ya padha teka. Imas ambi Hadi lungguh ring kuwadhene. Kadhang-kadhang ya ngadek nyalami dhayoh undhangan hang mara.
Elman bengi iku ya nekani kemantenane Imas. Disawang Imas ambi Hadi hang lungguh semandhing ring kuwadhe hang iyane milu nggawe. Imas mesem seneng nyalami dhayoh hang mara nyang kuwadhene. Mari mangan suguhan, Elman mara nyang kuwadhene penganten. Disalami Imas ambi Hadi. Imas temungkul sing wani nulih nyang rupane Elman. Sapa nyangka, kadhung kuwadhe hang iyane lungguhi saiki, gawenane Elman. Lare lanang hang sakbenere dikarepaken lungguh bareng ring kuwadhe ambi iyane.
Nyawang Imas hang gedigu, Elman agage pamit. Iyane sing kepingin kadhung sampik ngerusak rasa senenge Imas ambi Hadi. Sing kerasa matane Imas ngembung iluh. Iki hang nggarahi Elman sing tega. Sing tega kadhung lare hang iyane welasi sampek netesaken iluh ring dina bahagiyane. Ambi njangkah, ring jero batine Elman ngucap. “Muga atinisun tetepa kaya kuwadhe (Kuwat lan Gedhe) ihlas nerima wong hang diwelasi semandhing selawase.”
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Cerpen Satria
Editor: Hani Z. Noor-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)