Laik-Laik Gandrung ring Taman Ismail Marzuki Jakarta
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 17 Desember 2025 07:24 WIB)
- Laporan
Laik-Laik Gandrung Mekungkung ring TIM
Laik-laik gandrung mekungkung ring Taman Ismail Marzuki Jakarta, dina Minggu
14 Desember 2025 sore. Ana hang nanggap gandrung? Using.
Suwara iku njumbul teka pentas kolosal Drama Wayang Musikal judhule Kijang Kencana. Kok bisa? Bisa merga ana lare Banyuwangi aran Reni Wiritanaya hang dadi tokoh Sarpakenaka ring cerita iku. Pentase ring Teater Besar Taman Ismail Marzuki Jakarta, dianakaken Sanggar SwargaLoka Jakarta Timur megawe bareng ambi Bakti Budaya Djarum Foundation lan Kementrian Ekraf uga disokong Lembaga Kementrian Kebudayaan lan seponsor liyane.
Sanggar iki wis ngadeg 32 taun bengen ring Yogya lan sakat taun 1997 pindhah ring Jakarta Timur sampek seperene.
CEO-ne arane Pak Suryandoro lan rabine arane Dewi Sulastri. Bu Lastri milu main pisan ring pementasan iki.
Suteradharane ana loro, Irwan Riyadi lan Bathara Saverigadi Dewandoro. Jare Irwan, drama wayang wong makene hing dianggep barang hang ketinggalan jaman, dibungkus drama musikal nganggo basa Indonesia makene apik lan hing mboseni penonton.
Akehe pemaine kira-kira ana 50 uwong kang ring pentas hang dawane rong jam iku. Penontone kurang lebih ana 950 uwong masiya regane tikete mulai hang paling murah Rp. 75.000 sampek hang kelas 1 Rp 275.000. Dene VIP karcise diregani Rp.375.000 lan VVIP Rp. 750.000.
Ring dhaptar dhayoh undangan ana Bapak Dr. Dadam Mahdar, S.Sos, M.Hum Direktur Seni Pertunjukan Kementerian Ekonomi Kreatif, Meta Ambar Prana, Bina lembaga dan Pranata Kebudayaan, Kementerian Kebudaayaan. Ana Seniman Mas Guruh Soekarno Putra, Kepala Dinas Kebudayaan DKI Jakarta, Ketua Umum Sekretariat Nasional Pewayangan Indonesia, Ketua Umum Pepadi Pusat, Sekjen Yayasan Raja dan Kraton Nusantara Kanjeng Pangeran Nata Adiguno Mas'ud Thoyib lan pimpinan lembaga lan sanggar seni ring Jakarta lan sak ubengane.
Setemene iki dudu tampilane Reni hang kawitan. Iyane wis sakat SMP kerep milu teater-teater ring Banyuwangi. Taping kapan drama musikal iyane buru milu ngugemi sakat iyane kuliyah, koncar-kancir tampil ring njaba kutha Banyuwangi kelebu Jakarta.
Sakdurunge iki, bengen wis tau dadi pemeran utamane, perane Jelita ring pentas hang judhule: Ratapan di Timur Pulau Jawa ring acara Festival Musikal Indonesia taun 2023 ring gedung Barata Jakarta. Ya bareng ambi Sanggar SwargaLoka.
Hang nggarai girang, Reni Wiritanaya iki mesthi ngelaik gandrungan saben tampil ring endi bain ring drama musikal masiya temane dudu Banyuwangian. Masiya lirike basa Indonesia naming tetep dilaik kaya gandrungan. Merga iyane kepingin budaya Using lan ciri has Banyuwangi tetep dikenal lan dilestarekaken.
Sampek iyane tau ana acara nang negara manca uga tetep nggawa identitas Banyuwangi liwat nyanyi lan tari.
Reni hing mung milu siji sanggar. Setemene kapan tampil pementasan, sapa bain hang ngajak iyane bisa milu, kerana kanca-kanca kampuse wis duwe komunitas lan jaringan nasional.
Jebeng kelairan 13 Agustus 1999 iki aseli lare Using asal Keradenan, Purwoharjo, Banyuwangi. Emak bapake ya wong Using. Sarjana lulus S1 taun 2022 ring Kampus Institut Seni Indonesia Yogyakarta Jurusan Pendidikan Seni Budaya, Reni saki nerusaken kuliyahe ring S2 Institut Seni Indonesia Jurusan Penciptaan Seni Tari ring Surakarta, Solo.
Anak penggarep teka loro dulur iki sakat cilik mula dhemen ngerungokaken gendhing-gendhing gandrung ngelaik, seru dhemene lan belajar otodidak. Sakat TK ring kampunge ya wis belajar njuged Gandrung, uga tau dadi juwara siji sak kabupaten.
Sekolahe ring SD NU Keradenan, lulus taun 2012. Tepak SD iyane tau dadi juara 1 MTQ Maca Quran sak kecamatan uga sak Kabupaten.
Aju nerusaken sekolahe ring SMPN 1 Purwoharjo lulus taun 2015. Iyane ya juwara 1 lomba nyinden sak Kabupaten Banyuwangi.
Lulus SMP, Reni melebu ring SMKN 1 Banyuwangi jurusan Seni Tari lulus taun 2018. Tepak sekolah ring kene iki iyane tau Juara 1 Tingkat Provinsi Lomba Musik Tradisi, Juara 2 Tingkat Provinsi Tari Tradisi, lan tau ulih penghargaan teka Bupati Pak Anas lan bea siswa sekolahe SMK kerana Reni sering nggawa aran apik Banyuwangi.
Uga tau juwara Penyaji Terbaik 1 Nasional ring Jakarta Festival Nasional Musik Tradisi Remaja.
Taun 2016 ya uga tau nari Gandrung Kontemporer lan wis kerep milu Gandrung Sewu Banyuwangi Taun 2017-2018. Sore arep milu naming merga keterima kuliyah S2 ring ISI Surakarta wurung milu Gandrung Sewu. Taping magih mbantu panitiya seleksi peserta.
Taun 2025 iki, iyane milu kegiyatan acara menari 24 Jam ring Kampus ISI Solo.
Reni cerita nang kontributor Belambangan.com, Jamil Segara, iyane duwe cita-cita kapan iyane wis sukses kepingin bisa mbantu dalan pegaweyan kanggo kanca-kanca seniman Banyuwangi makene karyane saya diregani.
Reni lan Jamil saiki uga main bareng ring proyek pilem lokal ring Banyuwangi hang judhule Legenda Dukun Lintrik karyane Budi Osing.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.