Lalare SMP lan Aliyah Rijig-Rijig Masjid Baiturrahman
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 17 Februari 2026 07:21 WIB)
- Laporan
Murid SMP lan Aliyah Riji-Rijig Masjid Baiturrahman
Murid-murid SMP Al Uswah lan Madrasah Aliyah Baiturrahman Islamic Center nganakaken kegiyatan sembayang Duha lan aju diterusaken bakti sosial rijig-rijig ring sakubengane Masjid Agung Baiturrahman (MAB) Banyuwangi.
Hang dirijigi sakat teka latar, ruang utama lan panggonan wudhuk ngingsor lan ndhuwur. Kegiyatan iku dilaksanakaken ring dina Jemuah tanggal 13 Pebruari 2026 kepungkur.
Sekretaris Yayasan MAB Abdullah Fauzi makili kabeh pengurus hang ana ring MAB nyampekaken kadhung amal nyata hang dilakoni siswa-siswi hang jumlahe sampek atusan iku wis mesthi akeh nggawa mampaat, hikmah lan ganjaran hang ditampa. Apuwa? Kerana kabeh dilakoni kelawan ihlas tanpa niyat liya ring burine, lillahi ta'ala, sing ana niyat ngelumpukaken pengaruh, sing ana niyat golet alem lan sepiturute.
Sawetara iku, Wakil Kepala SMP Al-Uswah, Ustad Rohim nyampekaken gok program hang dilakoni iki minangka cara merujukaken rasa welas nyang Umahe Alloh, paran maning nyang mesjid ikon kabupaten Banyuwangi hang wis ngangkat aran Jawa Timur minangka juwara 2 tingkat nasional lan juwara 1 tingkat propinsi Jawa Timur.
“Muga-muga lalare nduweni kesan dhewek nyang keagungane Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi hang megah iki,” pungkase.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.