Lalare TK Unjung-Unjung Masjid Agung
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 21 Januari 2026 07:12 WIB)
- Laporan
Lalare TK Unjung-unjung Masjid Agung
Lare-lare TK Islam Terpadu Darul Ilmi Banyuwangi nganakaken unjung-unjung ning Mesjid Agung Baiturrahman Banyuwangi, dina Kemis (15/1).
Lare hang akehe 17 dimomong telu gurune keliling menjero lan sampek munggah-munggah ring panggung mesjid. TK hang dipayungi Yayasan Darul Ilmi iku manggon ana ring dalan Ikan Wijinongko, Perum Harapan Indah Blok C-8 Kel. Tukangkayu Banyuwangi.
Kepala TK-ne hang aran Setyorini, S.Pd, ngomong kadhung kepinginane ngajak lare-lare nyang masjid Agung iku uwis sakat bengen. Naming magih nggolet wektu hang pas.
“Lha.. ring ulan Rejeb lan marek-mareki ring tanggal pitulikure, Sun rasa wektu hang pas kanggo ngajak unjung-unjung nyang panggonan ibadah lan uga ngajari lare sembayang duha. Sing mung iku thok, tatakeramane melebu masjid iku kudu kelendi, lha… lare-lare iku sing keneng kadhung mung diceritani. Kudu di peraktekaken. Makene njangget ring pikirane."
Lare-lare iku sedurunge lungguh ring njero masjid, diajari sembayang sunat tahiyatul masjid. Kerana lungguhe uwong ring masjid kadhung sing ngelaksanakaken sembayang rong rekaat sulung, diukumi makruh. Lare-lare ya aju dikenalaken istilah-istilah ukum ring njerone agama, abane Setyorini,S.Pd.
Pengurus Yayasan Masjid Agung Baiturrahman, Istupik, S.Com nerima lare-lare lan sapa bain hang gelem unjung-unjung ning mesjid utamane Masjid Agung, kelawan seneng ati.
“Jangkahe Yayasan Darul Ilmi Banyuwangi iku kudu ditiru ambi Lembaga-lembaga pendhidhikan liyane. Kerana paran? Saiki iki tantangan uripe lare-lare saya abot, utamane kadhung uwis ngadhepi HP. HP iku uwis dadi prioritas super ring laku uripe lare-lare. Lare-lare iku sing bisa turu kadhung sing ambi ngeloni HP. Tangi turu hang ditakokaken HP. Setemene hang nggarai iku emak-emak jaman now iku. Makene meneng, aja nyerintung penggaweyane emak-emak, lare uwis disuguhi HP. Pulakane kelagut. Diceluk sing ngereken, dikongkon sing telikas tandang. Kudu melung-melung ambi ngamuk, buru lare saiki iki ngadek aju mara nyang emake. Ya kadhung penemunisun, iku uwohe hang kudu dipanen dhewek ambi emak-emak jaman now,” abane Istupik, aktipis organisasi keagamaan ring Banyuwangi iku. Bendahara Yayasan Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi iku ngengetaken, kadhung lare-lare saiki mula kudu melek teknologi. Jamane kaya-kaya ngewajibaken lare paham teknologi. Makene sing kancrit-kancrit ngadhepi jaman.
(Kang Ujik)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.