Lare Banyuwangi Sinau Nulis Skenario Pelem

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 05 Oktober 2020 06:40 WIB)
- Laporan



Donya perpeleman hususe penulisan skenario Banyuwangi diarepaken tambah moncer ring dina mbisuke merga ana lima lare Banyuwangi hang saiki sinau ring Masterclass Pengembangan Skenario Film TV dan OTT.

Iwuh hang digelar ring Badan Pariwisata dan Ekonomi Kreatif (Parekraf) bareng ambi Persatuan Karyawan Film dan Televisi (KFT) iki dikarepaken bisa mbantu uwong-uwong hang ana ring industri kreatip makene bisa tetep produktip ring mangsa pageblug.

Sak Indonesia, acarane iki dianakaken ring telung panggonan yaiku Bali, Yogya lan Toba ring sak njerone ulan Oktober iki.

Jare Taufiq Shaleh teka Komunitas Militan Film Banyuwangi hang mbantu ndhampingi, lalare Banyuwangi iki sedurunge wis ngeliwati sarat-sarat hang wis ditamtokaken panitiya.

"Akeh lare Banyuwangi hang setemene nduwe potensi dhuwur taping akeh hang sing bisa merga ketanggor urusan umah-umah, ana hang wedi pageblug lan ana hang magih ketungkul pegaweyan liyane," jare Taufiq hang ring taun 2019 sore dadi narasumber lokal ring acara pelatihan nyiyapaken skenario pelem teka Parekraf.

Lare lima hang milu iku papat teka kutha lan siji teka Cluring, yaiku: 1. Satria Nusantara Putra (Kalirejo), 2. Kukuh Priyo Saputro (Cluring), 3. Faiz Zathur Rosida (Kertosari), 4. Tutus Arofah Hesti Arini (Kampung Melayu), 5. Hurun Eka Ayu Putri (Mojopanggung).

Lalare Banyuwangi iki miloni acara hang dianakaken ring The Trans Resort Bali tanggal 1-4 Oktober, ring antarane 20 lare teka Jakarta, Bandung, Sidoarjo, Bali lan uga Banyuwangi.

Dene guru-gurune: 1. Syaifullah, direktur Industri Ekonomi Kreatif, Film, TV dan Animasi, 2. Gunawan Panggaru, penulis skenario lan ketua KFT, 3. Eric Gunawan, penulis skenario, 4. Lintang Pramudya, penulis skenario.

Ring dina pungkasan acarane iki lalare kabeh hang milu mau diajari pitching, yaiku presentasi skenarione, lan hang diterima arep diproduksi dadi pelem temenan.

Materi hang disiyapaken lalare iku, antarane:
1. Drama budaya kriminal hang nyeritakaken lare difabel kepingin belajar njuged gandrung taping dadi korban trafficking menungsa.

2. Drama pendidikan-kriminal hang nyeritakaken lare lanang hang ngajari lalare desa makene sadhar uripe dadi inceran wong jahat hang arep nguwasani sawah ring desane kelawan ngewani modhal usaha nyang tengkulak kanggo ngerusak rega asile sawah lan kebonane wong tani.

3. Sonangkara, ceritane pasukan hang ngelawan penjajah Landa hang dudu bagiyan pemerentah, lan nana hang weruh lan meruhi papan panggonane.

"Muga-muga ilmune lalare iki manpaat kanggone Banyuwangi hususe," jare Taufiq.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf